Entri Populer

Minggu, 11 Desember 2011

Cerita Rahatan 17 (Pijet-Pijetan)

Sore -sore bojoku balik sing kantor teles klebes kudanan,padahal lagi arep mangkat nyong wis ngelingna kongkon nggawa payung,jawabane malah " panas kaya kiye ora bakal udan,ngko ari udan ya sampeyan nusul rah mas "...iya wis ngko tak susuli.

ari bojoku mangkat kerja nyong ya uplekan ning umah bae momong bocah,yen dina sabtu minggu lah nyong tembe nglendang separan-paran ora ngandang,kadang ya ari bojoku repot ora bisa maring kantor,nyong njuguli mangkat ning kantor,lah yong kantore bebas nemen,sering-seringe bojoku dewekan ning kantor,sing liyane pada patroli,nyong ya tau melu patroli nangkep penyelundup kidang,barang kecekel jebulane kidange pesenane Kapolrese,iloken pan ngasusna Kapolrese,lah yong umah kontrakanku mburi umahe Kapolrese,nengsih umahku bisa-bisa gendenge pada ilang,anjoge mung dikongkon ngurus surat penangkaran,ditangkarna apa disembeleh nyong belih ngarti,tugase nyong kur ndokumentasikna tok alias jeprat jepret nggo kamera.

Balik maning sore-sore,

dog dog dog brraaakkk...mas,mas bukakna lawang,tangi rah aja turu bae...nyong kaget njimprak tak kira ana demo...iya-iya ngko sedelat tak nggoleti kunci...krertekkk kretekkk krekeeettt lawang tak buka..."rika sih priben mas jare pan nusul tak enteni nganti sore malah ora teka-teka,ya kyeh anjoge nyong kluncur kabeh".."lah yong bochae turu anjoge nyong ya keturon"..."ngemprah boled lah rika tah mas"...bojoku mlebu maring kolam adus gebyar gebyur nggo banyu atis,barang wis rampungan adus,deweke madang rupane ngelih nemen,bar madang wareg terus turu...ding nyong tak jorna bae,alamate sore kiye sing ngadusi bocah ya inyong.

jam 11 bengi aku esih nonton TV,bojoku awit sore ora tangi,barang jam 12an bojoku nglilir...sssshhh hehhhhh hhhheeeeehhhhh....mas,mas mene gen...."ana apa honey"( nyong semaur )..."honey,honey wadukmu kiye nnyong awake ndrogdog nemen pada linu kabeh,mbara dipijeti ya kena rah...nyong nyekel batuke bojoku,ternyata bener panas nemen..." demam kyeh kon tak keroki bar kuwe tak pijeti ya"...." Sakarepmu mas sing penting nyong waras"...

bojoku tak keroki nganti pada njledor abang ireng,bar kuwe tak pijeti,nyong mijeti karo sambi ngejak ngobrol..." gyeh honey nyong pan ndopok"..."ndopok gari ndopok koh dadakan poyan,tolih ora usah honey,honeyan kaya sinetron bae,wis gagiyan kjon pan ndopok apa?"..."kaya kiye honey,jarene kanjeng Nabi Muhammad,wong sing kenang demam kuwe,wong sing kena hawa panase neraka atawa uape neraka"...." lah terus maksude priben mas apa hubungane karo nyong "..."lah kuwe,angger kon tah ora kenang hawane neraka tok,tapi wis kecemplung ning neraka"..." hhhhooooo wong gemblung bisane nyong wis kecemplung neraka apa dasare rika ngomong kaya kuwe"..." lah kiye buktine bekas gebugane malalikat malik ana ning gigirmu pada abang ireng,balunge kon gen pada linu mbok...wkwkwkkwkwkwkwkwkwkkw...

"wis wis mandeg lah mijetine rika tah bojone mriyang jare malah moyoki"..."lah nengsih ari ora dipijeti ngko kon ora mari-mari"..." wis mbuh lah mandeg pokoke...suka lara awak ketimbang lara ati...wis mana rika metu sing kamar,pokoke seminggu kiye prei ora pan sunah rosulan!!!.....wkwkwkwkkwkw nyong metu karo ngikik bae,rupane bojoku sewot nemen.

Nganti seminggu nyong turu ning ngarep TV kur nggelar klasa,anjoge nyong ya mriyang tapi pan njaluk kerokan ora wani mbokan gantiyan dipoyoki he heh ehe

Ya wis semene ndisit sedulur muga-muga terhibur

Sumenep - 12 - 12 - 2011

Minggu, 27 November 2011

Cangkem ( dicanCANG karo dibungKEM )

Bismillahirahmanirrahim

Sayidina Ali ngomong “Kumasukan lisanku kemulutku, hingga terbukalah dihatiku seribu pintu ilmu, yang pada setiap pintu terdapat seribu pintu yang lain”.

Kiye rahasia keilmuane Sayidina Ali,sing pertama kudu di gembleng kuwe “cangkem”,urip ngerEm cangkem ben aja brecuh omongane,sekirane ora penting atawa ora manfaat mending ora usah ngomong ( meneng )ilate ditelesi nggo asmaul husna ( ngundang-ngundang gusti Allah ).jare peribahasa “mulutmu harimaumu”,angger salah ngucap ya kepangan ding omongane dewek,ana maning peribahasa “lidah lebih tajam dari pada pedang”,ucapan kuwe bisa ndadekna lara maring wong liya.

Nggo gambaran ibadah puasa, sing ditata ndisit kan “cangkem” ora olih madang ora olih nginum,ora olih ngomong sing saru-saru,angger cangkeme wis nata,otomatis indera-indera liyane ya melu nata,ari indera-indera wis nata kabeh ora nglakoni sing ora petha,otomatis atine ngko mbuka,ati kuwe gudang ilmune gusti allah,kelingan kisah waktu gusti Allah tembe nyiptakna nabi Adam,malaikat kayong madan ngragukna Nabi Adam dadi khalifah fil Ardi ( khalifah ning bumi),akhire gusti Allah nguji ning malaikat..”gyeh malaikat angger kon rumangsa wis pinter,mbarah kon ngerti belih aran-arane benda kiye”gusti Allah nidok-nidokna macem-macem benda ning malaikat,malaikate bingung ora bisa njawab,anjoge gusti Allah ngongkon ning Kanjeng Nabi Adam nyebutna aran-aran benda sing ana ning ngarepane ( tapi sedurunge, gusti Allah mbuka atine Nabi Adam terus ndokoni ilmu ning atine nabi adam )nabi adam janji ceplos bae ngucap aran-arane benda sing ana ning ngarepane,”kiye watu,kiye geni,kiye,banyu,kiye angin,kiye cungur,kiye mata,kiye,rambut,pirang-pirang sing disebutna ding nabi Adam,kata-kata kuwe kabeh wis ana ning njero atine nabi Adam.

Lah terus nyong rika kabeh sing dadi anak putune nabi adam ya pada bae kaya kuwe rah nean,ilmune wis ana ning njero ati,anane sinau sekolah kuwe nggo mancing-mancing ilmu sing ning njero ati ben pada metu,wiridan,maca Alquran,puasa karo ibadah liyane ya fungsine nggo mbuka ati ben ilmune pada mrojol,nggo gambaran bayi bisa weruh apa bisa krungu,apa bisa nangis,kuwe sekolah ndisit apa ora?mbokan ujug-ujug bisa rah.mulane bae kanjeng nabi Muhammad ora bisa maca karo nulis,ora mondok ning pesantren, tapi mbangkana cerdase sebabe atine bersih,langka kekotoran sing ngalang-alangi mrojole ilmune.saking melase gusti Allah maring nyong karo rika kabeh,akhire ngongkon puasa,sembahyang,wiridan ben ilmune pada mrojol sing ati.nggo gambaran ( analogi )maning,kelingan lagi cilik disuntik ( imunisasi ) fungsine nggo mbangkitna daya tahane awak ( imun ) waktu diserang penyakit,dadi bahan obat penyakit kuwe kabeh wis ana ning awak,mung ya durung aktif,ari pengin aktif ya kudune dileboni bibit penyakit sing wis dilemahna,anjoge antibodine bangkit.nggo analogi maning sifat adem kuwe manggone ning angin apa ning es apa ning awake menungsa?...Es ari adoh sing awak ya ora metu sifat ademe,tapi barang di perekna ning awak apa dikletak nggo untu,awak langsung ngetokna rasa ademe,dadi muncule hawa adem kuwe sing awak dudu sing Es,es tah nggo mancing metune hawa adem sing ana ning awak.Dadi aja pangling aja kaget ning alam dunia,kuwe kabeh gambaran sing wis ana ning njero ati.

Ya wis semene ndisit sedulur,yuh pada di”ruwat”cangkemme,dikunci sing rapet ben kebuka mata bathine,kebuka perbendaharaan ilmune.

“ari pengin mbuka ya kudu nutup ndisit”

Muga-muga ana manfaate nggo nyong karo rika kabeh,yen ana kata-kata sing ora pas,nyong njaluk ngampura sing akeh.

Ya Allah,nyong njaluk diadohna sing sifat rumangsa pinter dewek,sebab kuwe nutupi kecerdasan akale nyong,Ya Allah nyong njaluik diadohna sing sifat rumangsa bener ( suci ) dewek,sebab kuwe nutupi ketajeman Bathine nyong…..Amin…amin ya robal alamin.

Sumenep - 28 - 11 - 2011

· ·

Kyai dudu Ulama

Bismillahirrahmanirrahim

Akeh-akehe masyarakat pada salah ngerti dikirane Kyai pada karo Ulama,padahal ari dikaji sing asal usul basane “Kiyai” kuwe sebutan penghormatan masyarakat jawa kuno maring ( uwong,gaman,khewan,Jin ) sedurunge agama Islam mlebu ning tanah jawa.Dadi sebutan “kiyai”dudu mung nggo uwong tok,kebo bule ning keraton solo arane Kiyai Slamet,gaman kerise Haryo penangsang arane Kiyai Setan Kober karo kiyai bethok jarane arane Kiyai Gagak rimang,Keris gaweane Empu Supa Anom arane Kiyai Sengkelat.Seumpama nyong karo sampeyan duwe barang sing sekirane ana jasa karo manfaate ning dewek pan di arani Kiyai ya kena,misal motore nyong merga bisa nggo ngebut banter terus diarani “ Kyai Mlayu Nonet” ya ora papa,ora dosa, lah yong raja Jin ning wilayah kabupaten Brebes gen arane Kiyai Dhadung Awuk,angger ana uwong sing bangga disebut Kiyai,kudune ngaca,kayong seneng temen gelem dipadakna karo khewan,gaman,Jin.

Lah angger Ulama sih apa…?

Ulama Warosatul Anbiya ( Ulama pewaris Nabi ) mewarisi apane?...Ilmu karo kelakuane,dadi yen uwong tembe ngerti ilmune tok apa wis bisa diarani Ulama?apal Alquran,hadits terus bisa ndongeng wis bisa diarani Ulama..?kayong penak temen ari mung bisa ndongeng tok diarani pewarise Nabi.Angger ndeleng perjuangane kanjeng Nabi Muhammad nyiarna Islam rekasane poret,harta bendane deweke karo hartane bojone entek nggo dakwah,duwe murid akeh ora pernah njaluk SPP ( bayaran )apa maning uang gedung,kanjeng Nabi nguripi agamane dudu urip sing agamane,dakwah dadi mlarate ora dadi sugihe,ikhlas ora ngresula.Kanjeng Nabi olih ilmu sing Gusti Allah gratis ora mbayar SPP ora mbayar uang gedung,lah koh jaman saiki pan sinau ilmune gusti Allah ana mbayar SPP ana mbayar uang gedung ana mbayar seragam durung ngko ana wisata religi anapan,jan reka-reka bae jaman saiki tah.

Sing lucu maning,wong sinau ilmu agama barang wis apal Alquran ,hadits terus melu audisi ning tivi pengin dadi Da’i,berusaha tampil seapik mungkin ning ngarepe juri karo sing nonton,ora jere berusaha tampil seapik mungkin ning ngadepane gusti Allah.kiye wong ora sadar dadi korban komersialisasi agama,ding produsere, acara kiye didol ning perusahaan-perusahan sing gelem pada ngiklan,kiye sing arane tuntunan dadi tontonan.

Lah terus sing pantes diarani Ulama kuwe sapa…?

Sing pantes ya wong-wong sing ngerti ilmu agama terus dilakoni ning keseharian,sapa bae mbuh nyong,mbuh rika ari ngerti ilmu agama setitik apa akeh,terus gelem nglakoni ya kuwe bisa diarani ulama ( pewaris ilmu karo laku lampahe kanjeng Nabi ).

Alim kuwe tembe ngerti tok ning agama tapi ari Ulama kuwe ya ngerti ya nglakoni,ilmune wis matek ( mewatak ) wis reflek ( spontan ),nglakoni perbuatan apik sing tanpa dipikir ndisit,ora mikiri pahala atawa surga,apa maning untung rugi,weruhe prentahe gusti Allah,dadi gerak awake kuwe wis nyerminna jerone Ilmune.ilmune katon ning tindak tanduke dudu ning omongane.

Ya wis semene ndisit sedulur muga-muga ana manfaate nggo nyong karo nggo rika kabeh,yuh pada dadi Ulama ( pewarise kanjeng nabi )ning adepanE gusti Allah,aja dadi Ulama ning adepane menungsa.angger sekirane ana kata-katane nyong sing ora pas,nyong njaluk ngampura.

Ya Allah nyong njaluk diadohna sing sifat rumangsa pinter dewek,sebab kuwe nutupi kecerdasan akale nyong,Ya Allah nyong njaluk diadohna sing sifat rumangsa paling bener ( suci ) dewek,sebab kuwe nutupi ketajeman mata bathine nyong….Amin,amin Ya Robal Alamin.

Jumat, 25 November 2011

Filosofi CIPOKAN ( moCI,ndoPOK,mendoAN )

Bismillahirahmanirrahim

“ Tuntutlah ilmu sampai ke negeri Cina”,

jare sabdane kanjeng nabi Muhammad SAW,ana sebagian wong ngomong kwe tah mung ibarat tok ( bagjane adoh ya dilakoni nggolet ilmu )sebabe negeri Cina kwe adoh sing arab,berarti ari kaya kuwe hadits kiye ora relevan nggo wong-wong sing urip ning perekE negeri Cina,nyong yakin kanjeng Nabi Muhammad pati-pati ngongkon menungsa nggolet ilmu nganti anjog negeri Cina,kuwe ora janji ceplos tapi berdasar fakta bahwa negeri Cina gudange ilmu,contone bae obat-obatan tradisional cina,tekek,coro,ula gen bisa dadi obat,terus ning Cina kuwe serba apa-apa ana filosofine,ana nilai Etika,Estetika karo Metafisika.

Etika kuwe perihal Moral karo tata krama,Estetika kuwe perihal Keindahan,Metafisika perihal sing ghaib.

Nganggo Contoh mEdang Teh Poci,budaya kiye ari ning Cina jaman kuno,kuwe nggo nyambut tamu-tamu agung atawa wong-wong sing dihormati,kadang acara medang Poci nggo diplomasi jenderal-jenderal arep nentukna sida perang apa ora karo musuhe.

Nyong ora pan mbahas luwih adoh perihal filosofi Cina,tapi yuh pada belajar ndokoni filosofi ning budaya atawa hal-hal sing sering dilakoni ding dewek,niru-niru kaya wong Cina.

Budaya nginum Teh Poci ora mung ning Cina tok,ning kota-kota kulon gunung slamet tercinta gen ana Budaya CIPOKAN ( moCI, ndoPOK,mendoAN ),ari ndopok angger ora karo nyambi nyruput Teh Poci karo nggemos mendoan kayane gerah rungsang belih karuan.

Pertama ndokoni makna ning banyu,banyu kuwe sering digambarna Ilmu,wong nggolet ilmu geguru maring endi ora, nganti olih pirang-pirang Ilmu,barang wis rampung gegurune apa wis bisa diarani mateng ilmune?...ora bakal mateng ilmune angger durung di obong nganggo geni,ora bakal mateng ilmune angger durung di uji permasalahan-permasalahan sing pelik-pelik,sebabe kuwe nesih teori,nembe maca karo ngapalna tok durung praktek langsung,sing dipelajari ning sekolah apa pesantren kuwe mung garis besare tok atawa pokok-pokoke,angger kepengin weruh sekabehane ya ning kehidupan nyata.Kesabaran ari ora tau ngalami ujian arane goroh,kejujuran ari ora tau ngalami ujian ya goroh,istiqomah ari ora tau ngalami ujian ya goroh,dadi perjalanan nyatakna ilmu kuwe angger jare Sayidina Ali ibarat “nglewati ewonan sabetan pedang” sepira hebate menungsa ngindari pasti pernah kegores pedang,maksude tah sepira wong berusaha ngindari salah pasti tetep pernah kejeblos ning salah,tapi sinau sing kesalahan sing tembe dilakoni akhire ndadekna kesadaran bahwa menungsa kuwe ( makhluk )ora sempurna,sing Sempurna mung gusti Allah tok,lah kiye sing dimaksud “diobong”.sinau sing kesalahan karo nyadari kemakhlukane kye ndadekna mateng ilmune ( umeb banyune ).

Teh kuwe rasane sepet,wangi…rejekine sepet,rejekine wangi,prestasine sepet,prestasine wangi,arane sepet,arane wangi,kiye gambaran ujian sing dialami menungsa,susah ya ujian bungah ya ujian,akeh wong pada ngira ujian kuwe “kesusahan”,dinein rejekine sepet,nesih pan gandulan belih karo gusti Allah,dinein rejekine wangi ( omber ) nesih pan syukuran apa justru pan pesta ora karuan.

Banyune wis umeb teh wis dibuka wadahe, terus dilebokna ning Poci diaduk,maknane ilmu karo kabeh ujian sing dialami dipasrahna kabeh ning Gusti Allah,Poci gambaran gudange Gusti Allah,gari nyiapna gelase,gelase kudu sing bersih angger gelase ora bersih ya banyu Teh-E ora dikucurna,kucuran banyu sing poci maring gelas kuwe gambaran taufik ,hidayah,inayah,berkah,nikmat wis pirang-pirang maknane,gelas gambaran awake menungsa,gelase diisi gula turut secuil aja kakehen gula angger kakehen ya manise leder malah wetenge dadi enek,sing arane nikmat kuwe bisane nikmat karena secuil,angger wis ( mlukEk ) kakehen ya ora nikmat maning,antarane teh karo gula kudu harmonis ( seimbang ).seumpamane nyong rika nggal dina mangan daging esuk,awan sore ,bengi ,suwe –suwe kenikmatane daging ilang.angger kepengin ngrasakna nikmate daging ya aja keseringen mangan daging,ari kepengin ngrasakna nikmate numpak motor ya aja keseringen numpak motor.jare Sayidina Ali “Kalau ingin cepat putus,berkunjunglah terus menerus,kalau ingin terus menerus berkunjunglah terputus-putus”maksude tah dadi wong aja serakah,kudu bisa nyiasati, olih nikmat akeh sing gusti Allah tapi ora dadi wong serakah.

Barang wis ketemu kabeh banyu teh karo gula ning gelas,wis rah gari disruput alon-alon….Srruuuupppppuuuutttt…hheeeeemmmm…alhamdulilah nikmat,aja klalen mendoan karo kecape Joooo…!!!... ( medange nggone lilike inyong (Paijo ) ning pinggir jembatan kali keruh ),ari wedang teh sing ning gelas wis kosong nengsih sing nyekeli pocine gagiyan ngiseni,dadi ari pengin dijogi terus wedange ding Gusti Allah ya kudune rumangsa kosong,rumangsa ora nduwe ilmu,ora nduwe kesugihan,ora nduwe jabatan,ora nduwe kesaktian,sebab kuwe kabeh angger gusti Allah ora ngejogi ya gelase kosong ora bakal ana isine,tolih angger isi sing ning gelas kayong luber ya gagiyan dijogna maring gelase wong liya,ben banyune ora mubah malah dadi berkah,angger jare bahasane kyai,ya dizakati lah banyu wedange.

MendoAn, kuwe gambaran ilat,duwe ilat kudu sing lemes aja kaku,aja sokan nggo mitnah apa ngece uwong liya,ari krungu apa-apa dikunyah sing lembut dirasa-rasa ndisit esih panas apa wis adem,mendoan esih panas dijejelna bae ning cangkem ya anjoge kemlopok ilate pada mlesdak ledes,pedes manis irenge kecap dimamah sing bener,sambel kecap luwih akeh kecape apa cengise?..nengsih akeh kecape,wong liya krungu manis asin gurihe bae,sing pedes tah nggo dewek bae,ari kepedesen ya mulane gagiyan di sruput wedange.

Angger wis glenggam glenggem nginum teh sing panas ,sepet,manis,kentel ya gari ndoPoke,angger wong wis tau ngrasani sepet manise teh, cerita maring wong liya bahwa medang teh poci kuwe nikmat,ya ceritane ora pElo,mbok jleb dirungu mlebu ning ati,sebabe wis tau ngalami,tapi angger jare-jare tok ya hambar ceritane. Sepira manise Gula ari mung dicampur banyu bening tok ya ora enak,dadi kudu ngrasakna dicampur teh atawa kopi,kenikmatan kuwe muncule diantara perpaduan panas ,pait,sepet,manis.

Urip ning dunia kuwe ,milah-milah nggoleti kenikmatan karo keslametan,ning perpaduan kesusahan karo kebungahan.ning susah ya ana nikmate,ning bungah ya ana nikmate, aja ketindihan susah aja ketindihan bungah.

Ya wis semene bae ndisit sedulur,muga-muga ana manfaate nggo nyong karo sampeyan kabeh,mbokan ana kata-kata sing ora pas,nyong njaluk ngampurane.

Ya Allah… nyong njaluk diadohna sing sifat rumangsa pinter dewek,sebab kuwe nutupi kecerdasan akale nyong,…Ya Allah… nyong njaluk diadohna sing sifat rumangsa bener ( suci ) dewek,sebab kuwe nutupi ketajaman mata bathine nyong…amin,amin ya robal alamin.

Sumenep - 25 - 11 - 2011

Jumat, 18 November 2011

Makna Ci Luk Ba

Bismillahirahmanirrahim

( 1).Ana haditse kanjeng Nabi Muhammad perihal Bismillah,Sabdane kaya kiye…” Kabeh isine kitab-kitabe Gusti Allah sing di udunna ning dunia kabeh ana ning njerone Alquran,kabeh isine Alquran ana ning surat alfatihah,kabeh isine surat Alfatihah ana ning njerone Bismillahirahmanirrahim.

( 2 ).Ana maning hadits liyane sing nyebutna “ Kabeh isine Bismillahirrahmaninrahim ana ning Huruf (Ba),kabeh sing ning njerone huru f ( Ba), ana ning ( titik ) sing ning ngisore huruf ( Ba ).

Nyoba dimaknani sing gampang bae hadits sing pertama, Bismillahirahmanirahim kan artine ( Kelawan nyebut asmane Gusti Allah sing Maha Pengasih lan Penyayang ),angger ndeleng hadits sing pertama jare isine Alquran 30 Juz ana ning Bismillah,berarti intine ALquran kwe ngongkon ning menungsa weruh Asma Rohman Rahim ,asma Kasih Sayang,ora mung weruh karo maca Bismillah tok,kudune ya asma Kasih Sayang kwe diterapna ning awak,akal karo atine,angger jare basane wong kuna,Alquran dimenungsakna,yen wis bisa dadi menungsa sing kasih sayang ya insya Allah bakal bisa ngerteni rahasia-rahasia ilmune gusti Allah.

Kelingan omongane wongtuaku mbiyen waktu nyong esih cilik “ ari pan apa-apa maca Bismillah ndisit “,jebul maksude tah ari pan apa-apa ,pan kerja,pan sekolah,pan dolan,pan dadi caleg,pan dadi pemimpin,pan dadi tentara,pan dadi ustadz kwe kudu dilandasi Bismillah atawa dilandasi kasih Sayang aja dilandasi karo hawa nafsu”,angger jare wong-wong ahli ma’rifat Bismillahirahmanirrahim kwe kedudukane pada karo KUN-e Gusti Allah,Gusti Allah ari pan ngerjakna apa-apa cukup ngomong KUN terus dadi kabeh,lah angger menungsa ari pan ngerjakna apa-apa macane Bismillah,intine njaluk ijin ning Gusti Allah ben apa sing lagi dikerjakna kwe dadi kabeh.

Makna hadits sing keloro,

Isine Bismillahirahmanirahim ana ning Huruf Ba,apa sih makna Ba?...padahal rahasiane sepele nemen ning dolanan Ci Luk Ba,yen di gali maknane Ci = Cai “bahasa Sunda artine Banyu”,banyu kwe gambaran ilmu. Makna Luk = lika liku atawa salah karo bener,Ba = keweruhan atawa konangan,ari lagi ndolani bayi begitu ci luk terus Ba tangan sing nutupi raine dewek kan dibuka,weruh raine bayi,bayi gambaran fitrah atawa kesucian,sebalike si bayi gen weruh wong sing ngejak Ci Luk Ba,makna sekabehane kaya kiye “ari menungsa wis weruh Salah karo benere deweke terus gelem diilmuni atawa didadekna hikmah,menungsa kuwe bakal weruh ning fitrahe deweke,ari wis weruh fitrahe deweke ngko bakal weruh ning awake dewek”…jare hadits qudsi “ Sapa wonge weruh ning awake dewek bakal weruh ning Tuhanne “,maksude tah ya ari wong wis bisa weruh ning rahasiane awake dewek,ngko Gusti Allah bakal mbuka rahasia Ilmune .

Saiki gari ( Titik ) sing ning ngisore huruf Ba,(Titik ) kwe makna fokus atawa Inti,maksude tah ari apa-apa sing fokus diweruhi ndisit intine,kabeh permasalahan ning dunia kwe ana intine,yen wis ketemu Titike atawa fokuse atawa Intine ya ngko cepet beres masalahe,lah kudune fokuse maring endi?...fokuse ya kudune ning Gusti Allah,masalah sing diadepi ding menungsa kwe kabeh hakekate sing Gusti Allah.

Samene ndisit sedulur muga-muga ana manfaate nggo nyong karo nggo panjenengan kabeh,yen ana kata-kata sing ora pas ning atine njenengan kabeh nyong njaluk ngampura,mergane sekolane dudu ning pesantren tapi ning terminal karo ning dalanan gen durung lulus lulus,Sing bijak sing cerah akal karo atine ben padang uripe…..maturnuwun wassalam.

Sumenep - 18 -11 - 2011

Rabu, 16 November 2011

Endog karo Ayam

sing arane rahasia hal-hal sing rumit kwe biasane malah umpetan ning hal-hal sing sepele,sing biasa awake dewek weruh nggal dina,kabeh sing diciptakna ding gusti Allah ning alam dunia kwe pertanyaan atawa hisab nggo menungsa,sing arane pertanyaan ya kudune ana jawaban,kudune tah ya kabeh dijawab ning dunia ben mbesuk ning akherat langka pertanyaan maning.

ana pertanyaan klasik sing biasa ditakokna ding wong-wong filsafat " disit endi endog karo ayam "...kye tah pertanyaan gampang jawabane " disit sing gawe endog karo ayam ( gusti Allah )"...sebenere pertanyaan kiye dudu mung anjog semono tok pengertiane,angger gelem ngaji luwih jero maning,endog karo ayam kuwe bisa dimaknai sing luar biasa,sing arane endog kuning-kuninge kwe gambaran ruh menungsa,putih-putihe karo kulite kwe gambaran Dzat Allah,endog kwe gambaran alam akherat,kuning-kuninge dilindungi karo dinein mangan ding putih-putihe,barang wis mecah dadi pitik,pitik kwe gambaran menungsa lahir ning alam dunia,maune ruhe menungsa dadi siji ning ruhe Gusti Allah " Kusebulkan sebagian ruhKu padamu" angger dicermati kata "sebagian" berarti sedurunge disebulna ruh kwe bagian sing ruhe Gusti Allah,kaya kuninge endog karo putihe dadi siji.

akeh-akehe barang wis dadi pitik terus dadi ayam menungsa kwe kelalen maring asale,mikine sing ruhe gusti Allah ya kudune balike maring ruhe gusti Allah maning,kudune tah sedurunge mati wis dadi pitik ning njerone endog,urip tapi wis mati,mati kekarepan sing ora selaras karo karepe Gusti Allah,maksude tah dadi pitik tapi nganggo alame endog,kan kepenak serba dijamin karo dilindungi ding putih-putihe.

balik maning maring kalimat"kabeh sing diciptakna ding gusti Allah ning alam dunia kwe pertanyaan atawa hisab nggo menungsa"...ari kelingan ayat sing pertama mudun ning kanjeng nabi Muhammad kan "Iqra" ( bacalah ),lah kanjeng nabi pan maca apa? gena deweke ora bisa maca karo nulis,maca quran ya durung ana Quran sing tau mudun sedurunge ayat Iqra,pengertian Iqra ya dudu mung maca tok sing arane ngaji kwe dudu mung maca quran tok terus jare olih pahala,ngaji kwe ya kudune maca,ngartikna,maknani,nglakoni terus terakhir ngiklasna.terus ari dipikir maning iloken sih gusti allah ngomong kur lewat alquran tok,saiki wis liren ora ngomong maning,mbokan isine Alquran kwe kejadian karo kisah-kisah para nabi.lah kejadian sing nyong karo sampeyan ngalami nggal dina apa dudu pertanyaan atawa omongan sing gusti allah?...misal bae lagi mlaku weruh paku ning tengah dalan,kwe pertanyaan sing Gusti Allah " Pan di apakna kweh paku ding kon menungsa,pan disingkirna apa pan dijorna bae ben ana wong kesusuben paku?",angger nyong sadar ya nengsih langsung njawab " nggih gusti paku niki kulo singkiraken ben mboten ndadosaken bahaya teng tiyang sanes"..ya ari dipikir tah nggal detik gusti Allah ngejak ngobrol terus karo dewek...angger wetenge moni kemruyuk kwe gusti allah kur ora ngomong secara langsung " heh menungsa gagiyan mangan ".

dadi intine kabeh sing di respon ding indera-inderane dewek kwe pertanyaan sing Gusti Allah,kabeh sing dirasa ding indera-indera kwe mesti ana sisi positif karo negatife,lah gusti Allah ngongkon ning menungsa dijikot sing positife angger ngalami kejadian apa-apa,angger wis bisa kaya kwe ya arane selaras karo karepe Gusti Allah jare bahasa jawane " manunggaling kawula Gusti ",manunggal karepe dewek karo karepe Gustine,ben urip kwe selalu ning dalane gustine,ora ngawur,sing arane madep ning Gustine ya ora mung lagi sembahyang apa wirid tok, bar kwe madepe mbuh maring endi,maring duit apa maring wadonan apa maring jabatan.

lah ya wis samene ndisit bae semoga ana manfaate,jare imam Ghazali ilmu kwe terbagi 3

Ta,limi

Ilhami

Laduni

Ta,limi ( maca,ngringokna,sekolah )

Ilhami ( perlambang atawa Sasmita misal sing ngimpi,weruh kejadian )

Laduni ( kwe ilmu sing gusti Allah langsung sing nein,sing ujug-ujug bisa ) contone ari wong wedi keliwat tembok duwur 3 meter gen koh ujug ujug bisa di plempati.

wis ya sedulur semoga ana manfaate,sing bijak sing cerah akal karo atine ben padang uripe.

mbokmenawa ana kata-kata sing ora pas ya nyong njaluk ngampurane mergane nyong tah lulusan terminal karo dalanan dudu lulusan pesantren dadine bahasane ya sablegejedE.

Sumenep - 16 - 11 - 2011

Selasa, 15 November 2011

Artis

ramai ramai ingin jadi artis

ramai ramai ingin jadi tokoh agama

hingga ku bingung

mana artis mana tokoh agama

topengnya sama

menjual diri untuk ketenarannya

bayarannya mungkin juga sama

munafiknya mungkin juga sama

pesta poranya mungkin juga sama

ini dunia hiburan

dunia yang seharusnya monopoli para pelacur

mereka yang menghibur dengan ayat-ayat Tuhan

menjarah pekerjaan pelacur

dan pelacurnya mau berbuat apa

ikut audisi untuk jadi artis

lalu akting jadi orang beriman

( terinspirasi setatus Djenar Maesa Ayu )

Sumenep - 16 - 11 - 2011

Senin, 14 November 2011

Kesadaran

Dimanakah letak panas

di api yang membara

atau didalam jiwa

dimanakah letak sejuk

di air yang membeku

atau didalam kalbu

saat terbius dimeja operasi

kemanakah rasa sakit pergi

walau berdarah tak terasa

dan

ketika tersadar segala rasa

terasa

"Kesadaran"

inikah jawabnya,

mereka yang selalu sadar

merekalah yang dapat rasakan semua

Pahit,Getir,Manis,Asam

Dingin,Panas,Semilir

Sedih dan Bahagia

Sumenep - 14 - 11 - 2011


Selasa, 08 November 2011

Bada Aji ( Korbanan )

ngormati sejarah kanjeng nabi Ibrahim,sing arep ngorbana anake nggo gusti Allah,padahal wahyu kuwe tekane mung lewat ngimpi,tapi jan luar biasa nemen keyakinane kanjeng nabi ibrahim mung sekedar ngimpi tok gen ngandel nemen yen kuwe prentah sing gusti Allah,prentah pembuktian cintane kanjeng nabi Ibrahim maring gusti Allah,luwih cinta maring gusti Allah apa maring anake,tanpa was-was kanjeng nabi ibrahim manut bae arep nyembelEh anake,saking melase gusti Allah,akhire diganti nganggo wedus gibas.

hikmah sing bisa dipetik sing kejadian kiye,apa bae sing disenengi ning dunia aja nganti ndadekna klalen karo gusti Allah,Nabi Ibrahim ngorbana anake nggo pembuktian cintane ning Gusti Allah,...lah nyong,sampeyan pan ngorbana apa nggo bukti cinta ning Gusti Allah?...apa cukup korban wedus,sapi atawa onta..?

Pengorbanan sing tulus,kwe inti kisahe nabi ibrahim,angger dewek wis bisa tulus ning hal apa bae,ngko bakal ana pitulung sing Gusti Allah,sebab saking melase Gusti Allah.

jare Sya'ire Rabiah Al addawiyah

"Ya Allah, jika aku menyembah-Mu

Karena takut neraka, bakarlah aku di dalamnya

Dan jika aku menyembah-Mu

Karena mengharap surga, campakkanlah aku darinya

Tetapi, jika aku menyembah-Mu

Demi Engkau semata,

Janganlah Engkau enggan memperlihatkan keindahan wajah-Mu

Yang abadi padaku"

ya wis sedulur samene bae,ora usah dawa-dawa mbokan bosen,dudu nyong ngguruni,apa maning sok kyai,tapi apa salahe sih nafakuri Bada Aji,mbokmenawa olih berkah sing Ilahi Robi.

Selamat Idul Adha,njaluk ngampura mbokan inyong nduwe salah,njaluk salahe inyong disembeleh kabeh,kaya wedus sing dikorbanna.

Sumenep-03-11-2011

Minggu, 09 Oktober 2011

Mbah Kyai Sulaiman ( Kali Pemali- Buaran )

Mbah Kyai Sulaiman ( Mbah Leman ) kwe salah siji kyai sing unik lan nylenEh sing ana ning brebes selatan,Kyai sing ora nduwe santri,ora nduwe pesantren,kyai-Kyai sing pada nduwe pesantren kabeh ngormati ning Mbah Leman,umahe Mbah Leman ning pinggir kali Pemali Buaran,umahe sederhana,perabot ning njerone mung meja kuna karo rusbang,mbah Leman ari lelunga nganggone Sorban Jubah putih karo nyekeli teken atawa tongkat,yen mlaku ora keri Sholawatan,deweke banget ding kencengE nganggo Syariat,ibadah wajib lan sunah dilakokna kabeh,serba pan apa mesti diawali ndonga.

Nyong ana setitik kenangan karo Mbah Leman,Jaman aku esih cilik Mbah Leman sering maring tokone wong tuaku,gemiyen tokone wong tuaku ning kidul mesjid,studio foto cilik tapi lumayan rame,karena seringe Mbah Leman ning tokoku akhire nyong kenal apik karo Mbah Leman.

Geliseng cerita,aku wis SMP kelas loro,jaman semono lagi baleg-balege,kepengine kabeh bocah wadon sing ayu-ayu ning bumiayu dipacari,"yen kepengin duwe pacar akeh ya kudune duwe ilmu pElEt rah Hep ",om Tarmo ngomong karo nyong," Ilmu pElEt om???...,rika duwe apa om?"..." dih nyong tah ora nduwe hep,nggolet bae ning buku loakan "..."tukune ning endi om?"..."ning pasar wage hep,tapi yen kepengin mantep tah ya kudune kon nggolet guru ilmu kebathinan"...." lah sih nyong pan geguru maring sapa om?"..."Gyeh Hep,..Mbah Kyai Sulaiman sing sering mene kan kenal ikih karo kon,nyong krungu sing wong-wong Mbah leman kwe karomahe duwur,mbokan bae Mbah Leman gelem maraih maring kon"..."iya yah om,Mbah Leman kan eman ikih ning nyong,ya wis lah nyong pan nggone mbah Leman saiki".."Lah kon weruh umahe belih hep?"..."ya gampang takon,ning buaran pinggir kali pemali mbok umahe"..."iya jare tah,ya wis mana mbokan dinein jimat akeh nyong dinein ya hep".."kalem bae om mesti tak bagi"....akhire nyong metu sing toko maring terminal ngejak kancaku MaMad,ora keri tuku gula teh ning toko serayu nggo dinekna Mbah Leman.

"siji maning mangkat,siji maning mangkat"...kenet angkudes gendoakan,ngetem se uwen-uwen ora mangkat-mangkat,penumpange lagi sepi mergane bocah sekolah lagi pada libur...barang anuk mbok troyog bae ana wong nggo putih-putih mlebu angkudes..."Assalamualaikum warohmatullahi wabarakatuh"...nyong karo penumpang liyane njawab kabeh " Walaikumsalam warohmatullahi wabarakatuh"...jebulane Mbah Kyai Sulaiman sing mlebu,kayong kebeneran temen,pan maring umahe malah ketemu ning njero angkudes,Mbah Leman bar ngucap salam terus nyalami ning kabeh penumpang,barang salaman karo nyong deweke kaget.." dih kon nong nang gagah pan maring endi?"...nyong semaur " nyong pan ning umahe njenengan Mbah"..." lah ya wis kebeneran nang gagah,miki tembe bae mbah sing tokone bapamu,biasane kon katon lagi ngentor ning ngarep toko miki tah langka jebul lagi njubleg ning kene".

Supire nyetater mobil,terus jalan,barang wis anjog pasar wage kenete nariki bayaran,mbah Leman ngomong.." Kye penumpang sing ana ning kene tak bayari kabeh ding aku"...wong ning angkudes kaget kabeh,lah ujug-ujug kancaku si MaMad karena rumangsa ora kepenak dibayari deweke ngomong.." Mbah kulo tah mboten usah dibayari"...mbah leman takon ning MaMad " kon duwe duiiitt?"..."nggih Mbah"..."ya wis angger kaya kuwe kye kabeh penumpang dibayari ding kon"...wkwkwkwk nyong ngekek krungu mbah Leman ngomong kaya kuwe.."Mad ente gari manut karo Mbah Leman koh malah ngEngkEng akhire ente sing dikongkon mbayar,gaiyan ente mbayar kuwalat kon angger ora nuruti omongane Kyai"..."apes kye nyong hep, apes!"...MaMad ngetokna duit rolas ewu nggo mbayari wong rolas,jaman semono maring buaran ongkose mung sewu perak.

"Kiri,kiri,kiri"...nyong karo Mbah Leman mudun sawise jembatan kali pemali buaran,.."nang gagah kyeh mene Mbah digandeng"...nyong langsung nyekeli tangane Mbah leman.."hiiss nggandenge aja kaya kwe,jentikmu karo jentikku gandengan"..nyong manut bae lah wedi kuwalat,sadawane dalan awit sing jembatan anjog umahe Mbah Leman nyong karo Mbah leman nggo tontonan uwong,sing pada ndelengna pada kegugu,weruh gandengane nyong karo Mbah Leman kaya wong pacaran,asline nyong isin nemen digeguyu,tapi nyong ndeleng mbah leman cuek bae karo sholawatan.

"Assalamualaikum,..mak kye ana tamu sing bumiayu,gagiyan digawekna wedang"...mbah leman ngongkon ning bojone,nyong karo MaMad njagong,ora suwe bojone Mbah Leman metu nggawa wedang karo nggawa madang.." wis gagiyan pada madang ndisit"..Mbah Leman ngongkon ning nyong.

Rampung madang..."ana apa tong gagah,kadingarEn kon koh kepengin dolan mEnE"..."anu mbah nyong kepengin merguru ning njenengan"...mbah Leman gemuyu karo takon maning " Geguru ilmu apa,Mbah tah wong bodo ora nduwe Ilmu,sing duwe ilmu tah mung Gusti Allah tok"..."lah aja ngrendah kaya kuwe Mbah jare omku,Mbah Leman kwe karomahe duwur,pokoke yen nyong ora diajari ilmu nyong ora pan balik,pan ning kene bae"..."temenan kye kon pan belajar Ilmu,tolih kon pan belajar ilmu apa?"..."nyong kepengin bisa ilmu pelet Mbah"..nyong ngomong karo nyrenges nutupi isin..."ha ha ha....kon pengin belajar Ilmu pelet,ya wis kyeh tak ajari tapi aja sembarangan ya,"...mbah leman ngakak krungu nyong njaluk ilmu pelet.

"kyeh cara rituale,dicatet ya"

"Sembahyang hajat patang rokaat karo puasa selama seminggu,tiap bar sembahyang maca Bismillahirohmanirohim ping sewu,bar kwe maca...SUN MATEK AJIKU SEMAR MESEM,MUT MUTANKU INTEN,NURCAHYO MANJING PILINGANKU KIWA TENGEN,SING NYAWANG KEGIWANG,TEKO WELAS TEKO ASIH MARANG AWAK INGSUN,...wis kweh mana dilakoni"..."maturnuwun nemen ya mbah,ya wis ya mbah aku langsung balik lah,wis sore soale mbokan langka mobil maring bumiayune,tulung aja ngomong bapane nyong ya mbah yen aku mene njaluk ilmu pelet"..."iya iya mbah ora bakal wadul".

Nyong balik,bengine nyong langsung tirakat,nganti seminggu rampung kabeh,barang wis rampungan nyong prengasa gagah dewek yakin nemen bakale akeh bocah wadon pada seneng.mangkat sekolah ning sekolahan rapalane tak waca terus,tapi daning ajeg bae langka bocah wadon nguber-nguber,nyong dadi ragu kyeh,jangan jangan Mbah leman goroh,daning ilmune ora cespleng ora apa,tapi ya mbokan ngesuk tah ya ana sing nguber-nguber,esuke ya pada bae kaya dina wingi langka sing nguber-nguber,ah mbarah nyong pan tak takokna maning ning mbah Leman mbokan bae nyong tirakate ana sing salah.

"assalamualaikum mbah"..."walaikumsalam warohmatullahiwabarokatuh"..mbah leman mbuka lawang terus nyalami nyong...."priben nang gagah wis dilakoni kabeh ilmune?",..."uwis Mbah,tapi daning ora cespleng yah,wacanane ana sing salah nean mbah?"..."he he he,kyeh mene njagong ndisit,kon wis sembahyang hajat?"..." uwis Mbah"..."wis wirid Bismillah?"..."Uwis Mbah"..."rapalane ya wis diwaca?"..."uwis Mbah"..."puasane sih rampung?"..."uwis Mbah"...."gyeh nang gagah,wong wirid kuwe kudu ngarti tulisanne terus kudu ngerti artine,terus kudu ngerti maknane,terus kudu ngerti ngamalnane,terus kudu bisa ngikhlasnane,faham kon!!...sing arane Bismillah kwe intine kasih sayang,angger kon wis bisa kasih sayang maring sapa bae ya ngko kabeh wong bakal seneng maring kon,ora susah kudu di pelet,angger kon wis bisa susah seneng mesem,ngemut inten ora kakehen cangkem ya sing nyawang kegiwang,teka welas teka asih maring kon,!!...kon kan tembe ndremEmEl maca tok durung nglakoni makna sing sebenere Bismillah"...nyong mantuk-mantuk tok karo isin ning mbah Leman..."berarti nyong salah ya mbah?"..."ya mbangkana salahe,kon kwe ora beda karo manuk beo,bisa ngomong apa bae tapi ora ngerti apa sing diomongna"..."Astaghfirullah,"..aku nangis mrebes mili,dudu sebab digranyami ding mbah Leman,tapi sebab ngrasa salah nemen ning pangeran,selama kiye nyong,wirid,sembahyang tapi ora ngerti makna hakikine,ora ngerti pengamalan ning kesehariane..."maturnuwun nemen mbah pelajarane,mbah wis mbuka pemahamane nyong,saiki nyong wis ngerti pelet sing paling ampuh ya perilaku kasih sayang,aku njaluk ngampura sing akeh".

akhire nyong balik karo mikiri apa sing diwejangna ding mbah Leman.

Kwe setitik kenangane nyong karo Mbah Kyai Sulaiman Kali Pemali Buaran,selamat jalan Mbah sampekna salamku nggo Gusti Allah.

( Sumenep - 09 - 10 - 2011 )

Sabtu, 08 Oktober 2011

Cipanas Pangobatan ( desa pangebatan - Bantarkawung )

Menurut riwayat wong-wong sepuh ning buaran,cipanas kiye petilasane atawa peninggalane Syeikh Abad Sambung Geni,salah siji wali penyebar Islam ning daerah hulu kali Pemali lan sekitare,aran asline syeikh Abad Sambung Geni mbuh sapa,asale sing endi gen ora ngerti,kemungkinan tah salah siji ulama sing di kongkon ding sunan gunung jati kanggo ngislamna wilayah Cirebon Bang Wetan,gemiyen wilayah brebes nganti anjog Dieng Wonosobo kwe arane Cirebon Bang Wetan,Syeikh Abad Sambung Geni ora dewekan nyebarna Islam ning wilayah kono,ning sekitare wilayah kali keruh karo kalierang ( Kaliherang : Sunda artine kali bening ) kwe sing nyebarna Arane Mbah Agung Suralaya,Mbah Agung kwe menurut cerita jarene Salah siji Panglima-ne Sunan Gunung Jati.

Balik maning cerita Syeikh Abad Sambung Geni,

jaman semono ning wilayah kali pemali dan sekitare ana Pageblug ( wabah penyakit ),ana gudig,ana rematik,wis macem macem lah pokokoke,dukun-dukun karo tabib-tabib wis kemlabak kabeh ora bisa nangani pageblug kuwe,Syeikh Abad nembe awal-awalan dakwah ning daerah kono,santri-santrine gen akeh sing pada meriang,akhire santri-santrine ngomong karo Syeikh Abad njaluk digoletna obat pageblug kuwe,jare Syeikh Abad " Ya wis ari kon-kon pada wis ora tahan,aku pan njaluk petunjuk ning Pangeran",Syeikh Abad nggawe gubug ning tengah Sawah kulon buaran,ning kono deweke tirakat nganti sekitar patang puluh dina,dina terakhir deweke olih petunjuk,tongkat kayune kongkon ditancepna ning tengah sawah,bar ditancepna terus diangkat jebulane lemahE alon-alon mlendung kaya pan njeblug,saya suwe saya gede,Syeikh Abad mlayu,ndeleng sing kadohan, akhire lemah kuwe njeblug metu banyu panase,Deweke terus ngucap daerah kiye tak arani LEMAH BUSUNG ( lemah sing mlendung kaya wong meteng ),jebul jeblugan lemah kuwe ora mung siji,ning pereke bukit ya ana,syeikh abad mbatin " kiye obate pageblug",deweke terus balik,santri-santrine dikumpulna dinein ngerti ana banyu panas metu sing lemah ning kulon Buaran,kwe obat nggo nambani penyakit sing lagi mewabah.

akhire geger,wong pada regudugan adus ning LEMAH BUSUNG,wong-wong sing daerah Sunda ari ngarani Cai Panas pengobatan ( Cipanas Pangebatan ) ,alhamdulilah pagebluge ilang,arane Syeikh Abad dadi terkenal,akeh wong pada nemuni akhire pada mlebu Islam.

Sumber cerita kiye sing Sesepuh-Sesepuh dusun Buaran,bener apa orane cerita kiye,aku belih ngerti.

Jumat, 07 Oktober 2011

Hisab

Segala yang terdeteksi indera

itu adalah tanya sang kuasa

berproses mencari jawabnya

tak sempurna tak apa

lalu

kenapa masih diam ditempat?

( Sumenep - 07 - 10 - 2011 )

Badahan Taun 2011,Mbarah Dipikir ( cerita 2 - Pasar )

  • Sambungan tulisan sing lagi anuk,

    aku anjog umah,langsung bludus bae ora kulanuwun,mane nyong kaget weruh nyong balik karo bojoku,"dih wis balik nong tong gagah,sing sumenep jam pira sih?",aku ndEprok karo nglepEsE ngeluk boyok," sing sumenep jam 3 sore ma',awak rasane ringsek kabeh kyeh,rika sih daning yawEnE wis ning umah,ora dagang apa?".

    mane nyong njagong karo mbenerna dasterE sing kedodoran," lah Hep dagang saiki tah ora kena di arepna,pasar ari yawEnE ya wis sepi,ning njero mung isine wong dagang pendelik-pendelikan karo wong dagang,sing tuku langka".

    "lah bisane sih ma' mbokan kiye wis enggal prepegan,biasane wis mulai rame wong mudik pada belanja".nyong njawab karo nyambi nyruput banyu Aqua,"sing tuku wis kebEgal-bEgal ning njaba pasar hep,nyong dagange pakaian,lah ning pinggir dalan toko busana ndEkEnE wong padang rEntEngan awite sing kidul masjid Agung nganti anjog pertelon pasar wagE,paling nyong nglayani wong desa sing nyasar mlebu pasar hep"".

    "tapi rika daning kweh ana bae nggo mangan tah berati payu rah dagangane",nyong semaur ning manE,manE nyong nyruput wedang,rupane teh wayu luwihan sing mau digawa ning pasar,bar kwe dEwEkE semaur" gyeh hep mbokan kon pengin ngerti sing sebenerE,ning pasar kwe saiki wis balik maning kaya jaman Flinstone",nyong mlegeg karo takon maning," Maksude rika priben ma'?".

    "Dih kon tah ora nyandakan nemen,maksude balik maning kaya jaman gemiyen lagi durung ana duit,transaksine barteran,sebabe dagangan pada ora payu,ana bawang di ijoli kutang,ana tempe di ijoli sandal,beras di ijoli tas".

    "iloken ma' nganti kaya kwe,bisanE nganti kaya kwe sih ma?",nyong madan ora ngandel ning omongane manE inyong.

    "Lah yong pemrentahe gen kelewatan nemen hep,mbokan aturanE yen arep gawe swalayan kudune paling ora kudu adoh sing pasar,kon weruh dewek mbok,swalayan pating tlEktEk ning ngarepE pasar,wis kaya kwe,trotoar gen nggo dagang,anjoge wong suka belanja ning njaba yah males mlebu ning pasar,nyong ora nyalahna sing pada dagang ning trotoar,sebabe pan pada tuku lapak ning njero pasar regane larang".

    ManE nyong nyrocos terus nganti ngos-ngosan,nyong semaur maning,"prengasanE nyong tah lah yong ning bumiayu saiki akeh bank berarti ya transaksi sing ana ning bumiayu perputarane apik ma',berarti ekonomine stabil".

    " diiiih kon sih bodo nemen hep,semakin akeh bank berarti semakin akeh wong nduwe utang,kaeh wong-wong sing pada riwa riwi maring bank kwe pada setor utang dudu pada nabung,kiye gen mane duwe utang ning BRI sing resmi karo BRI sing ora resmi koh".

    " Hah sing bener bae ma' iloken ana BRI sing ora resmi,rika tah ngarang nemen yakin".nyong kaget manE nyong ngomong ana BRI sing ora resmi.

    "Mulane Hep sekali kali ninggoni warung sing ning pasar,BRI sing ora resmi kwe singkatanE Bank RIwa riwi alias bank utuk alias rentenir alias lintah darat,faham kon!,ari mane ora nyilih ning bank utuk ya sida nggal dina keliren yah,angger kon ana luwih nggal wulane mbarah manE direwangi setor hep,kayong megap-megap nemen koh".

    " Ya wis ma' mulai wulan ngarep ari aku ana luwihe rika tek rewangi,kye nyong ngelih nemen koh pan madang,ana lawuh apa ma'?"

    " Kaeh ana jangan Sandal Hep"

    "kikikikikkkkkikikikikkkkikikkkkkkk kelakon kyeh nyong mangan jangan sandal".( maksude jangan tempe sing tempene ijolan karo sandal ).

    bersambung...

    Sumenep - 03 - 10 - 2011

Badahan taun 2011 ,Mbarah dipikir ( cerita 1- ojek )

  • Bada kurang seminggu nyong mudik sing Sumenep Madura maring Bumiayu,ning dalan wis ngangen angen gemah ripahe kota Bumiayu,keselE ilang yen kelingan opak petis,kluban karo gempol,numpak bis nganti beyekane macek nemen,lah yong ganti bis nganti ping lima suwene perjalanan selikur jam,mangkat jam telu sore anjog bumiayu jam sewelas awan.

    " Bumiayu abis,bumiayu abis " kenEtE gendoakan,jebulane wis anjog terminal bumiayu,nyong gagiyan bae ingkes-ingkes nggendong tas,ora klalen bojoku tak gandeng.tembe bae jrut sing bis, tukang ojek ngrubung kabeh,sing dadi heranne ana sing sekeluarga dadi tukang ojek kabeh,bapane,anake,mantune,trus sepupune dadi tukang ojek kabeh,nganti bingung pan numpak sapa, bapa,anak,mantu godogan rebutan nyong, ora eling yen kwe mantu kuwe bapa,kuwe anak...barang nyong wis nyemplak ning motore mas Yahya,anake mas yahya ngomong " bapa tah gena tassE wis kecekel ding nyong jare di gawa bae si hepi "..."Dih kaeh kon kebagian mboncengna bojone si hepi koh Hel " ( yahya semaur maring Helmi ),nyong mbonceng karo kegugu bapa karo anak nganti pecucuan rebutan penumpang.

    " anake sih endi Hep daning ora melu?" ( Yahya ngajak ngobrol sedawane dalan ),"anaku tak titipna ning mertua awit sedurunge wulan puasa,soale nyong 3 wulan wingi bolak balik bumiayu sumenep,melas ari anaku tak gawa bati kesel ning dalan tok"..."kon tah kepenak yah Hep sangertine inyong,awit kon tembe balEg nganti saiki pegaweanmu mung klendangan tok,pisangkala olih bojo,bojone diangkat dadi PNS,coba deleng nyong kyeh hep,urip sing awit lair nganti saiki uplekane ning terminal bae,ora tau mingser,mbarah priben carane ben bisa urip kaya kon hep,klendangan tapi ana bae sangune"..."sembarangan nemen rika tah ngarani nyong urip klendangan tok nyong gen PNS ( Pegawai Negeri Serabutan ) maksude tah he he he,angger rika kepengin urip kaya nyong ya rika gari Nyupang bae rah mas,kaeh anak mbarepE rika si Helmi gari dadekna tumbal wkwkwkwk...gyeh nyong pan takon bisane rika sekeluarga dadi tukang ojek kabeh kepriben ceritane?"

    "Nyong ngojek sebabe nyong kredit motor nggo pranti mangkat Nyalo ning terminal,lah yong bise bis jakartahan nyalo mung ari esuk karo sore,daripada awane nganggur ya mendingan ngojek,si helmi ngojek sebabe ya kredit motor dagang mie ayam genah hasile ora sepira akhire ya ngojek,mie ayame malah bubaran kenaken motor-motoran bae,terus kae mantune aku bisane ngojek gara-garane ya kredit motor,lah kawinan anyar langsung bae njikot motor,ora dipikir ndisit ngko nyetorine pan kepriben,gena deweke nganggur,akhire takdire keluargane nyong mati urip ning terminal Hep"..."angger kaya kiye sing rugi nyong mas"..." lah rugi kepriben Hep?" ( Mas Yahya takon karo bingung ).." Ya jelas rugi rah mas donge umummE bayar ngojek sing terminal anjok umahku mung 5 ewu,kye nyong mbayare tak luwihi yah sebab ndeleng raine rika melasi"..."dih ari kon ora ikhlas ya gari bayar 5 ewu bae rah Hep ora papa ikih" ( Yahyane kayong sewot )..".wkwkkwkwkwk aja dugal rah mas".( ora krasa ngobrol jebul wis anjog ning umahku ).

    Bersambung...

Senin, 03 Oktober 2011

Mutiara Bertabur Dusta

Mulut bertabur Mutiara

dengan kaki tak berbekas luka

itu dusta

dan kini itu biasa

mulut mulut mungil tak ber-ibu bapa,terkapar

dibawah mimbar

tangan tangan terulur merona iba

surban putih dilumuri tinta hitam penguasa

aku terpaku sepanjang jalan

panas tak meranggas

hujan tak bawa kedamaian

jutaan kepala tergilas

Musyafir mengejar senja

sebentar mentari kan terbenam

mulai kikis suka duka

dengan hening menyambut malam

( 03 - 10 - 2011 )

Sabtu, 03 September 2011

Sepiritual ( Distorsi Spiritual )

membual beralas mega

khuldi tercuri tak terasa

tertindih ayat-ayat surga

seakan Tuhan ada digenggamannya

terlihat remeh lah semua

sombong menutup mata

membesarkan ritual seremonial

mengaburkan Sepiritual

Sepiritual,ritualnya sepi

tak peduli maki

tak peduli puji

Ya Ilahi Ya Ilahi Ya Ilahi Robi

aku ku mati

semoga Ruhku benarlah Fitri

( Bumiayu - 03 - 09 - 2011 )

Jumat, 08 Juli 2011

Menikam Kantuk

langit yang kosong tak berawan

tiada cerita tentang kilat dan hujan

menggores apa dan siapa?

menuang malam dengan secangkir kekosongan

meja kursi yang diam tak berlumur kata

entah kemana bunga-bunga yang biasa bercengkerama

mungkin sibuk menikam kantuk

agar khayal tetap terjaga

menyusun skenario tentang cinta

harus begini harus begitu semauku

membahagiakanku menguntungkanku

seakan sang lawan tak berpikir pula seperti itu

hanya untukku

semua hanya untukku

dirimu harus jadi diriku

beginikah cinta versimu?

( Bumiayu - 08 - 07 - 2011 )

Minggu, 26 Juni 2011

Bibir Senja

yang kusuka darimu hanya siluet bibirmu

yang termangu di ujung rindu

jendela hati dan sinar senja

menggaris tegas bayangnya

kini aku bertanya tanya

sapaanmu sembunyikan apa?

bayang kelopak bunga tanggal satu persatu dimatamu

seakan menuntunku masuk ke ruang rindumu

kau sajikan apa

setelah aku tergoda


( Sumenep - 26 - 06 - 2011 )

Sabtu, 25 Juni 2011

Anggur Tanpa Biji

Sebutir anggur yang sepi dikeramaian

manisnya tak bertuan

penawar datang ia acuhkan

setia tunggui kekasih imaji yang tak mungkin dinyatakan

kini hari telah pagi

senyum mentari mencuri senyumnya

terdiam dan di cermin mematut diri

diriku kenapa?

( sumenep - 25 - 06 - 2011 )

Kamis, 23 Juni 2011

Ruyati,aku titip salam

negeri yang katanya jadi tempat lahir Nabi

ternyata nyawa manusia tak lebih berharga dari seekor sapi

membela diri malah dihukum mati

dan para pembesar negeri cukup menyumbang kata " Inalilahi"

menilik sejarah

sayidina ali bersimbah darah

oleh kaum serakah

yang anak cucunya sekarang kuasai mekah

hukum Tuhan bolehlah ditegakkan

asal khalifahnya yang memilih adalah Tuhan

Ruyati harga diri ia pertahankan

jiwanya ia korbankan

Ruyati

Selamat jalan

sampaikanlah berita kepada Tuhan

tentang pemimpin negerimu yang terlambat menyelamatkan

( Sumenep - 24 - 06 - 2011 )

Selasa, 21 Juni 2011

O cinta O diriku tiada

anak panah syahwat

dipucuk malam yang sekarat

aromanya begitu dekat

laknat

Nurani menata langkah

jembatan tajam di segala arah

Bismillah

menyingkir resah

nyala pelita ditengah gulita

mekar pula wijaya kusuma

pada mekarnya

kulihat sungging senyumnya

O

cinta

O

diriku tiada

( Sumenep - 22 - 06 - 2011 )

Cerita Rahatan 16 ( Kyai Sahur )

Mushola Nurul yaqin,

mushola kiye persis ning ngarep umahe wong tuaku ning karangturi RT 01/01,waktu nyong esih cilik sing dadi Imam ning mushola kiye arane Kyai Sahur,deweke termasuk Kyai Salaf ( Kuno ) cara ndidike ya nggo cara-cara kuno,angger wong dukuh blendong karo wong bandung dage ari ngarani Mushola kiye ( musholane Kyai sahur ), Mushola kiye dikenal ding wong kelurahan Bumiayu sebabe yen ana rajaban apa muludan takire panganane enak-enak.

nyong esih kelingan angger bar subuh ngaji ning mushola di wulang ding Kyai sahur,ari macane salah,tangane nyong di sabet nggo gitik ( pring cilik dawane sekitar 40 cm gedene mung sejentik ),sing arane bocah cilik angger bar subuh ya lagi ngantuk-ngantuke,kadang ari maca slEngso.

nyong salut ning Kyai Sahur,mulang ngaji langka sing mbayar,tapi ya enjoy bae ari mulang,kayong ora tau krungu Kyai Sahur ngresulah,umahe Kyai Sahur ora adoh sing umahku,sebelah wetanku persis,bojone Kyai Sahur arane Bi rawen dagange rujak karo bubur petis,angger wong jaman kuna ya akeh sing ngerti Bi rawen,rujake terkenal seantero kelurahan Bumiayu.

Kyai Sahur ari ngisi kuliah Subuh ora tau nggo basa indonesia sing sering nggo bahasa kromo,sing nyong kelingan Kyai Sahur kwe ngisi materine tafsir Alquran,dadi bahasa arab diartikna nggo bahasa kromo,angger bocah cilik ya langka sing mudeng,angger wulan puasa giliran Kyai Sahur ngisi kuliah subuh,akeh-akehe sing ngringokna pada turu. ( Kuwe sekilas Kyai Sahur )

taun 1987,

nyong tembe munggah kelas loro SD,bar unggah-unggahan libur sewulan,esuk-esuk bar sarapan,nyong karo kanca-kanca wis pada playon ning latar mushola,ana sing dempuan,cincot,sunda manda,sodor,aburan gambar,pokoke rame umbele ana sing njetet ya belih urusan,lagi seneng-senenge kedabyigan,ujug-ujug Kyai sahur gendoakan.

"heh bocah-bocah bubar-bubar kaeh ana wong mati,aja pada reang,mana pada layad" ( Mane nyong waktu semono lagi ning ngarep umah ndulangi adine nyong sing wadon si Erma,mane nyong menyat krungu jare ana wong mati )

" Sinten sing pejah kyai?" ( Mane nyong takon )

" Kaeh Man Sukrad bojone Bi Was,bapane si Naryo " ( Kyai Sahur njawab )

"dih wingi sonten kulo sumerep taksih seger daning saniki mpun pejah" ( mane nyong semaur maning )

" Lah kuweh umure wong langka sing ngerti mung Gusti Allah tok sing ngerti,wong waras pedigas ujug-ujug bisa mati,wis mana kaeh pada layad,nyong pan ngumumna ning Mushola" ( Kyai Sahur mlebu umah nena pan salin klambi ndisit bar kuwe maring Mushola )

Yuh bocah pada layad Man Sukrad ( Mane nyong ngejak aku karo kanca-kanca maring umahe man Sukrad ).

Ning umahe Man Sukrad,

Bi was nggoser nangis ngangseg-ngangseg kayong ora percaya bojone mati,man Slamet,mas naryo,mas untung ya nangis nggoar-nggoar,nyong karo kanca-kanca dadi melu nelangsa,wong -wong ya melu nelangsa kabeh,mane nyong melu nennagnna Bi Was,barnag anuk lagi ribet-ribete ning umahe Man Sukrad,ana suara sing speker mushola.

"PENGUMUMAN-PENGUMUMAN...ASSALAMUALAIKUM WR.WB....INALILAHI WA INA ILAIHI RAJIUN 3X...TELAH MENINGGAL DUNIA DENGAN ADEM AYEM...BAPAK SUKRAD BIN WASJAD...MENINGGAL PADA JAM SETENGAH ENEM ESUK,ALAMAT KARANGTURI RT 02/RW01 KELURAHAN BUMIAYU...INSYA ALLAH JENAZAH AKAN DITANAM DIKUBURAN LOR...KEPADA KERABAT DAN HANDAI TAULAN DIMOHON TUNGTUNG GRUMBYUNG BERTAKZIAH KERUMAH ALMARHUM BAPAK SUKRAD...DEMIKIAN PENGUMUMAN YANG DAPAT KAMI SAMPAIKAN...WASALAMUALAIKUM WAROHMATULLAHI WABARAKATUH....

( wkwkkwkwkwkwkwkkwkwkwkwkwkkwkwk wong sing lagi pada layad gerrrrrrrrr kabeh,Bi Was karo anak-anake sing lagi pada nangis nggoar nggoar pada gembuyu )

Jare Bi Was " dianggepe sing lanange nyong bedogol gedang apa,jenazah koh ditanam"

wkwkwkwkwkkwkwkwkwk...akhire ning umahe Man Sukrad pada ger geran sing pada nangis dadak-dadakan mandeg gara-gara krung Kyai Sahur basa Indonesiane srag-sragan mbuh maring endi ora,ora suwe Kyai sahur teka ning umahe Man Sukrad,raine biasa bae ora rumangsa salah ngomong.

wis samene bae ya sedulur...nggo ngesuk maning ceritane.

( Sumenep - 21-06- 2011 )

Senin, 20 Juni 2011

Cerita rahatan 15 ( NylEnta )

Jaman cilikane nyong,

acara tivi sing paling disenengi ya mung film unyil,flash gordon,megaloman.angger acara musike ya mung aneka safari,kamera ria atawa album minggu,angger acara pendidikan paling cerdas cermat apa cepat tepat,jaman semono apa sing metu ning tivi ya mesti ditiru,angger bar nonton film,bocah cilikan pada metu sing umah dolanan ning pelataran,ngko pada gelut-gelutan.

waktu nyong wis mulai kelas telu ana sinetron yen dina minggu judule rumah masa depan,sinetron kuwe apik nemen jaman semono,ana tokoh sing pinter nemen sekolane arane ( Sangaji ),mbuh pas ning episode sing kepira,ceritane Sangaji melu cepat tepat,ning ceritane Sangaji karo kelompoke menang,gara-gara terpengaruh sinetron kwe,dadak-dadakan rame bocah-bocah pada dolanan cepat tepatt,hadiahe urunan,ana sing urun buku tulis,poklot,garisan,oyotan,buku gambar,pulas karo liya-liyane.

cepat tepat dianakna ning tundaganne matuane nyong,umahe matuane nyong kan duwur tundagane amba kena nggo njagong wong telu,tundagan sing paling ngisor nggo grup A,nduwure grup B,nduwure maning grup C,nyong mlebu ning grup C,nyong njagong ning tengah,sebelah kiweku inayah,sebelah tengenku Titin,kwe bocah loro pinter nemen ya belih mung kakang kelasku,nyong kelas telu deweke kelas lima SD,grup B sing mimpin si Alip,grup A sing mimpin Si Mulyono,sing apen-apen dadi gurune hamdan sepupune nyong.

cepat tepat dimulai,

cepat tepat kwe cepet-cepetan njawabe dadi cepet-cepetan nabuh ember,sapa-sapa sing moni mbok jedug ndisit ya kwe sing njawab,angger salah tembe dibalangna ning liyane.

Pertanyaan pertama,

Masjid yang terbesar di Indonesia namanya apa? ( jedug jedug jedug grup B nabuh ember)

Masjid agung baiturohim pak guruuuu..!!! ( wkwkwkwkwkwkwkk...sing nonton gembuyu kabeh )

Salah...!! ( si hamdan nyalahna,nyong gagiyan bae nabuh ember jedug,jedug,jedug )

Ya Grup C silahkan...

Masjid Istiqlal pak guruuuu...( nyong bocah telu njawab kabeh )

Ya seratus buat grup C...

barang wis pirang - pirang pertanyaan gari pertanyaan terakhir,grup A karo Grup C nilene pada,grup B kalah adoh wong njawabe salah terus, nyong wis nganti deg-degan nemen mbokan salah njawab,barang anuk inayah ngomongi ning nyong " Hep kye pertanyaan terakhir sing njawab titibn bae ya,soale mbokan ngko kon salah njawab dewek kalah,titin kan kelas lima,nyong kelas papat,kon kelas telu,mestine nengsih luwih ngerti titin " ( nyong mantuk-mantuk bae apa jarene inayah karo titin )....

Pertanyaan terakhir,

Kuala Lumpur Ibukota negara mana?

( nyong nabuh ember sarosa-rosane wedi mbokan kedisitan grup liyane,jedug,jedug,jedug ,si titin menyat karo njawab )

"Inggris mbuh Perancis"....( wkwkwkwkkwkwkwkwkwkwkkwkkwkw wong sing nonton geeerrrrr kabeh,si titin nyebut nama negara loro salah kabeh)

jedug,jedug,jedug si mulyono nabuh Ember karo njawab " Malaysia Pak Guru "

nyong kesuh nemen ning si Titin mboksih ngerti jawabane,jebulane koh nylenta.

Kon sih priben tin njawab salah rosa,ngadeg maning ari njawab,ya kiye dadi kalah kyeh dewek,( nyong mecucu maring titin )

angger Inggris karo perancis sih ibukotane apa hep,nyong angger aran-aran ibukota negara bingung koh ( titin semaur )

Ibukotane inggris kuwe Taraban Tin,angger perancis ibukotane arane Baruamba....

( wkwkwkkwkwkwkwkwkwkkwwkk bocah-bocah sing weruh nyong kudon karo Titin pada gembuyu ngekrek )

ooo kuwe nong hep nyong tembe ngarti ( titin semaur tanapa rasa bersalah )

he he he..samene bae ya sedulur,semoga terhibur

( Sumenep - 21 - 06 - 2011 0

Minggu, 19 Juni 2011

"aku" dihatimu

api mencium bibir

hitam manis menggoyang lidah

jemari mencolek

menarilah kata

walau tak berrima

tersentuhlah jiwa

aku menggores "aku"

kau baca pun "aku"

aku tak bercerita kau

aku mengungkap "aku"

yang ada padaku

dan pada kau

kini kau tahu

bahwa ada "aku" dihatimu

( Sumenep - 19 - 06 - 2011 )

Sabtu, 11 Juni 2011

Cerita Rahatan 14 ( Wong Paling sugih Se- Bumiayu )

Man Mitro,

sapa sing ora kenal Man Mitro,ari bocah jaman kuna ya pasti ngerti,Man Mitro kuwe asline wong cirebon,tapi wis suwe manggon ning karangturi,sebabe deweke dagng dolanane bocah cilik ning pasar,jaman kuna sing dagang dolanan ya mung Man Mitro tok langka liyane,mobil-mobilan,motor-motoran,kapal-kapalan nganti bahan peledak alias mercon anan ning warunge Man Mitro,nyong salut karo deweke sebab banget kreatife,gelas wadah banyu mineral gen angger ning tangane Man Mitro bisa dadi kitiran,dadi langka barang mubah nig tangane Man Mitro,nganti ana ungkapan yen Man Mitro kuwe wong paling sugih se kota Bumiayu,sebabe nduwe mobil,motor,kapal karo lautanne.

Taun 2002,

nyong pegaweane dadi tukang Las ( Las Los ) alias klendangan,metu sore balik esuk,padahal dolane ora adaoh,njubleg ning umahe Heri Kawir,mburi toko Bahari,ning kono rame nggo nongkrong bocah,ana komunitas Pecinta Alam karo Komunitas musik.

Sore-sore bar adus karo madang,nyong los lunga sing umah,dina kiye bocah-bocah pada ngejak latian musik,nyong waktu semono dadi vokalis,nembange lagu-lagune BOB MARLEY karo Tony Q Rastafara,ngumpule ning umahe Heri Kawir,anjog kono esih sepi tembe ana Heri Kawir tok lagi gitaran ning jembatan sing arep mlebu ning umahe.

" Her,angga,panji durung pada teka apa? ( nyong takon ning Heri Kawir )

"Durung hep,arep latian apa?" ( Heri semaur ning nyong )

"Iya kyeh Her,mangkane nyong durung apal lagune"

" Lagune sapa sih Bob marley apa Tony Q?"

"Bob Marley Her,I Shot The Seriff,ente apal musike belih "

" Ya apal men yah hep,wis giyan ente nembang tak iringi ben ngko latian ora kedangdapan"

"ya wis jreng rah mulai" ( nyong mulai nembang )

I shot the sheriff

But I didn't shoot no deputy, oh no! Oh!

I shot the sheriff

But I didn't shoot no deputy, ooh, ooh, oo-ooh.)

Yeah! All around in my home town,

They're tryin' to track me down;

They say they want to bring me in guilty

For the killing of a deputy,

For the life of a deputy.

"Hob Hob Hob...hep,cengkoke sing bener rah,aja nggo cengkok kaliwadas,kaya qosidahan bae ente tah"( Heri nyetop nyong lagi nembang,dumEhE,jare cengkoke nyong kaya cengkok Qosidahan )

"lah kudune nyong nggo cengkok endi Her,cengkok linggapura apa? I shot the seriff eb but idid'nt es shoot no ed deputy,...kaya kuwe apa her?

"wkwkwkwkkkkkkk ya kaya kuwe yakena, Ishot the seriff versi linggapura" ( herine semaur )

Bolak-balik latian karo Heri akhire nyong lancar nembange,barang lagi nyruput kopi karo ngrokok klepas klepus,ujug-ujug kenet mobil sirampog ( arane Sakmad ) marek,ning kono memang perek tem-teman mobil Sirampog ning ngarep umahe kaji sopani almarhum.

"mas nyong melu nggabung lah kayong asik nemen rika-rika pada nembang,kuwe miki lagu dangdut terbaru apa?" ( kenete takon maring nyong karo heri )

"wadukmu dilaos,mad kiye lagune Bob marley ente tah ora bakal ngerti" ( heri njawab karo mucu-mucu )

"Bob Marley sih wong endi mas?" ( sakmad takon maning )

"wong negara daha ,bojone wong Teblog Mad" ( nyong semaur )

"wkwkwkkwkwkwkwkwkwkwkwkwkkwk" ( heri ngekek seporete )

"owh kaya kuwe,nyong tembe ngerti kweh,wong negara daha ana sing dadi biduan" ( sakmad ngandel bae )

" gyeh mas ngampura ya,nyong kiye pan curhat,anakku arep mlebu SMP,tapi nyong pegaweane ngenEt bae,nyong kepengin olih penghasilan sing luwih,mbarah njaluk sarane rika-rika mbokan ana info pegawean "(nyong mbatin kiye wong ora salah curhat kepengin pegawean tapi maring wong sing lagi pada nganggur )

"Lah ente bisa apa Mad,selain ngenEt?" ( heri takon maring Sakmad )

" Nyong Saiki wis bisa nyupir mas heri,mbokan ana wong butuh Supir mas,nyong ya wis gawe SIM A koh,kiyeh SIM-e" ( deweke mbuka dompet nindokna SIM-e )

"oooh ana Mad,tanggane Hepi butuh Supir akeh,ente gari milih ngko pan nggo mobil apa" ( nyong mikir maning sapa sih tanggane nyong sing sugih mobile akeh )

"Sapa sih Her tanggane nyong sing butuh supir?"

" Lah kae sih Hep Man Mitro" ( Heri ngomong karo matane kedEp-kedEp nein kode ning aku arep ngerjani si Sakmad )

"oh ya bener mad,ente mana bae maring umahe,umahe kuweh sing PLN ngulon takon bae Man Mitro ya kenal kabeh" ( nyong semaur karo nahan gemuyu )

"Temenan kiye mas,dih maturnuwun nemen yah mas,kayong rejeki nomplok nemen kiye,bar nggawe Sim langsung ana lowongan"( Sakmad nganti bungah nemen raine merkabak kayong pan nangis )

" Wis mana gagiyan ngko keburu,di cupi ding wong liya mobile'( Heri ngongkon maring Sakmad )

"Iya Mas kiye nyong langsung mangkat" ( mbok plencing bae Sakmad mlayu nggitir )

Ning Umahe Man Mitro,

Kulonuwuuuuuuunnnnnn....dog dog dog dog ( Sakmad nggedor umahe Man Mitro )

"Iya monggo,ngko sedlat Mas,nyong lagi mbenerna sarung"( man mitro semaur sing njero )

krekeeeettttt...tt..ttttt...( suara lawang dibuka )

"nuwun sewu pak,nopo leres niki dalemE Man Mitro?"( sakmad takon karo crengas-crenges )

"iya bener,nyong Man Mitro ,ana apa yah mas,oh ya mene mlebu mas njagong ndisit" ( man Mitro ngejak njagong ning sakmad )

"nepangaken kulo Sakmad saking Sirampog,kulo angsal informasi saking tanggane njenengan Mas Hepi kalih mas heri jarene njenengan butuh Supir katah,leres nopo mboten?"( man Mitro kaget,karo nyrenges-nyrenges )

"oh kaya kuwe mas,ya ngko sedelat sampeyan ngenteni ning kene yah,nyong tak njikot mobile" ( Man mitro mlebu ning njero,sakmad nyrenges,ning bayangane deweke,dih kiye wong apikan temen,tembe perkenalan tok gen wis pan dijikotna mobil )...

( gusrak-gusrak,man mitro metu nggendong karung )

"daning mbekto karung pak?" ( sakmad takon ning Man Mitro )

( man Mitro nggetem bae karo mbuka taline karung,bar kuwe karunge dijunjung,...mbok glutraaakkkk suarane )

" Kuweh sampeyan milih pan nggo mobil sing endi,mbokan pan nyupiri kapal ya ana " ( wkwkwkwkwkwkwkwkwkkkw Man Mitro gembuyu kaku )

" daning mobil-mobilan pak" ( Sakmad kaget karo bingung )

" sampeyan dikerjani ding si hepi karo heri,nyong kwe dagang mobil-mobilan karo kapal-kapalan ,mbokan sampeyan pan nyupiri ya monggo,angger kepengin diarani wong kenthir,wkwkwkwkkwwkkwwkk ( man mitro gembuyu maning )

"aseeeeemmmmmm...tega nemen yah kaeh bocah loro,angger ketemu maning pan tak jak gelut kae bocah,nggih sampun kulo pamit pak,pangapurane nggih kulo mboten ngertos"( Sakmad metu sing nggone man Mitro,ngengkreg maring tempat nongkrongku maning,sing kadohan nyong karo heri wis weruh )

"Priben Mad ,ketrima belih ente ding man mitro?" ( heri takon karo nyrenges )

"kon bocah loro dasar bocah waktu lair ora di adzani tapi dijegugi asu,ora umum wong lagi susah jare dikerjani"...( deweke nyritakna kejadiane )

wkwkwkwkkwkwkwkwkwkwkwk...nyong karo heri nggoser gembuyu

' wis Mad ora usah dugal,kyeh medang bae karo udud

( Sakmad njagong njikot rokoke nyong karo nyruput kopine nyong raine merah meruh nemen,pan ngamuk ora wani,wong ningkono wis akeh bocah he he he he )

semoga terhibur....

( Sumenep - 12 - 06 - 2011 )