Entri Populer

Minggu, 27 November 2011

Kyai dudu Ulama

Bismillahirrahmanirrahim

Akeh-akehe masyarakat pada salah ngerti dikirane Kyai pada karo Ulama,padahal ari dikaji sing asal usul basane “Kiyai” kuwe sebutan penghormatan masyarakat jawa kuno maring ( uwong,gaman,khewan,Jin ) sedurunge agama Islam mlebu ning tanah jawa.Dadi sebutan “kiyai”dudu mung nggo uwong tok,kebo bule ning keraton solo arane Kiyai Slamet,gaman kerise Haryo penangsang arane Kiyai Setan Kober karo kiyai bethok jarane arane Kiyai Gagak rimang,Keris gaweane Empu Supa Anom arane Kiyai Sengkelat.Seumpama nyong karo sampeyan duwe barang sing sekirane ana jasa karo manfaate ning dewek pan di arani Kiyai ya kena,misal motore nyong merga bisa nggo ngebut banter terus diarani “ Kyai Mlayu Nonet” ya ora papa,ora dosa, lah yong raja Jin ning wilayah kabupaten Brebes gen arane Kiyai Dhadung Awuk,angger ana uwong sing bangga disebut Kiyai,kudune ngaca,kayong seneng temen gelem dipadakna karo khewan,gaman,Jin.

Lah angger Ulama sih apa…?

Ulama Warosatul Anbiya ( Ulama pewaris Nabi ) mewarisi apane?...Ilmu karo kelakuane,dadi yen uwong tembe ngerti ilmune tok apa wis bisa diarani Ulama?apal Alquran,hadits terus bisa ndongeng wis bisa diarani Ulama..?kayong penak temen ari mung bisa ndongeng tok diarani pewarise Nabi.Angger ndeleng perjuangane kanjeng Nabi Muhammad nyiarna Islam rekasane poret,harta bendane deweke karo hartane bojone entek nggo dakwah,duwe murid akeh ora pernah njaluk SPP ( bayaran )apa maning uang gedung,kanjeng Nabi nguripi agamane dudu urip sing agamane,dakwah dadi mlarate ora dadi sugihe,ikhlas ora ngresula.Kanjeng Nabi olih ilmu sing Gusti Allah gratis ora mbayar SPP ora mbayar uang gedung,lah koh jaman saiki pan sinau ilmune gusti Allah ana mbayar SPP ana mbayar uang gedung ana mbayar seragam durung ngko ana wisata religi anapan,jan reka-reka bae jaman saiki tah.

Sing lucu maning,wong sinau ilmu agama barang wis apal Alquran ,hadits terus melu audisi ning tivi pengin dadi Da’i,berusaha tampil seapik mungkin ning ngarepe juri karo sing nonton,ora jere berusaha tampil seapik mungkin ning ngadepane gusti Allah.kiye wong ora sadar dadi korban komersialisasi agama,ding produsere, acara kiye didol ning perusahaan-perusahan sing gelem pada ngiklan,kiye sing arane tuntunan dadi tontonan.

Lah terus sing pantes diarani Ulama kuwe sapa…?

Sing pantes ya wong-wong sing ngerti ilmu agama terus dilakoni ning keseharian,sapa bae mbuh nyong,mbuh rika ari ngerti ilmu agama setitik apa akeh,terus gelem nglakoni ya kuwe bisa diarani ulama ( pewaris ilmu karo laku lampahe kanjeng Nabi ).

Alim kuwe tembe ngerti tok ning agama tapi ari Ulama kuwe ya ngerti ya nglakoni,ilmune wis matek ( mewatak ) wis reflek ( spontan ),nglakoni perbuatan apik sing tanpa dipikir ndisit,ora mikiri pahala atawa surga,apa maning untung rugi,weruhe prentahe gusti Allah,dadi gerak awake kuwe wis nyerminna jerone Ilmune.ilmune katon ning tindak tanduke dudu ning omongane.

Ya wis semene ndisit sedulur muga-muga ana manfaate nggo nyong karo nggo rika kabeh,yuh pada dadi Ulama ( pewarise kanjeng nabi )ning adepanE gusti Allah,aja dadi Ulama ning adepane menungsa.angger sekirane ana kata-katane nyong sing ora pas,nyong njaluk ngampura.

Ya Allah nyong njaluk diadohna sing sifat rumangsa pinter dewek,sebab kuwe nutupi kecerdasan akale nyong,Ya Allah nyong njaluk diadohna sing sifat rumangsa paling bener ( suci ) dewek,sebab kuwe nutupi ketajeman mata bathine nyong….Amin,amin Ya Robal Alamin.