Entri Populer

Jumat, 03 Juni 2011

Cerita Rahatan 10 ( Belajar Kromo 2 )

Bumiayu 2007

jaman semono lagi rame-ramene grup-grupan musik ning bumiayu,mulai sing seneng OI ( Orang Indonesia ) sing senengane nembangna lagu-lagune iwan fals,slankers ( penggemar grup SLank ),Under Ground,Punker,Reggae karo liya-liyane,sing arane festival karo parade musik kayong pan nggal minggu ana.Nyong waktu semono terinspirasi pengin nggawe komunitas musik tapi sing ora mung sealiran,akhire nyong karo kanca-kanca se geng gawe Komunitas Musik GAYENG.tempat ngumpule ning umahe Heri Kawir ning kampung baru PLN,ning umahe Heri Kawir bocah-bocah pating gludag mbuh bocah endi bae,sing wangi sing mambune meri ana kabeh kumpul dadi siji.

Nyong waktu semono,nggawe grup musik reggae arane Jong Reggae ( Pemuda Reggae ),grupe Heri Kawir arane WIZBAND aliran musike Rock,terus ana grup slanker arane SUDDENLY pimpinane Andri Juwid,Andri Juwid kwe ponakane Heri Kawir,paman karo ponakan pada bae ngenekna waduke,si heri ari pan pentas rEbyEgE ora umum,pernah esuke pan manggung jam 3 wengi durung turu,nyong pas lilir takon..." Her daning durung turu?....nyong ora bisa turu hep...lah priben sih?...nyong lagi bingung ngesuk pan nganngo kostum apa...lah gari nggo kaos partai bae ya kena rah her wkwkkwkwkwk...asem ente tah nyong kye lagi mikirna ngesuk nggo kostum apa,terus pan gaya ning panggunge kepriben...kaya kye bae rah her,ente nggo celana begy,nganggo klambi dilebokna klambine sing kedodoran kaya raper-raper amerika...dih najis nengsih nyong malah katon kaya contong kacang belih...lah ya wis sekarepe ente lah her nyong tah wis nein saran...enake ning panggung kepriben hep,ben sekirane perhatian penonton maring nyong kabeh...gampang her,ente weruh bongsang wadahe runtah sing gede sing gawene nggo pring,ente mlebu mono,ngko vokalise entekongkon nggendong bongsang kuwe,lah ngko pas jreng pertama ente nongol sing bongsange,ente kan cilik ikih awake he he he...nduuaasmu ari nein saran ente tah ora tau bener...kekekkekekekekeke mbuhlah her nyong ngantuk,wis gari digawa turu mbokan bae ente ngimpi olih petunjuk nggo manggung ngesuk.

barang ngesuke manggung jebulane heri nggo cutbray warna putih,klambine ungu terong,raine didokoni meling-meling kaya artis dangdut,yen kena sinar pating kerlob.

sekilas andri juwid

bocahe ireng tapi imut,ari ngomong dobole ngetek nemen,awake keker ngakune jare mirip bim bim drumere grup slank,kuliahe ning purwokerto,mangkat sing umah anjoge kalker dukuhturi andon turu nggone kancane,sarampunge kuliah pernah merantau,waktu pan mangkate ning umah wongtuane slametan karo kanca-kanca,wong jarene wis ketrima dadi asisiten direktur perusahaan swasta,aran perusahaane nyong ora ngerti,jam 10 bengi mangkat ning jakarta dijemput ding kancane nggo mobil kijang,pan mlebu ning mobil deweke nyilih jakete cholis salah siji personil grupku,jarene atis wong mobile nggo AC,ding cholis jakete dinekna,wong arane kanca ya melu seneng krungu andri olih pegawean,akhire bying mangkat maring jakarta.barang telung dinane ana kancane andri dolan maring basecamp,sing gawe kaget,bocah kwe nggo jakete cholis sing dinggo andri waktu mangkat maring jakarta,...heh,kwe daning jakete aku sing disilih andri,bisane ning kon,kon bar sing jakarta apa,sing nggone andri ? ( cholis takon maring kancane andri )...jakarta apa,kaeh si andri lagi ngleker ning umahku wis telung dina...ooo jebul si andri mrupus maning,wong tua karo kanca-kanca di doboli ( akhire si andri dilarak balik ding bapane ).

taun 2008 andri kepengin kawin,cerita karo nyong karo bocahan,wongtuane ya setuju,barang arep lamaran,andri nemuni nyong karo bocah-bocah...mas hepi nyong pan njaluk saran,ngesuk nyong pan nembung ning wongtuane pacarku,intine pan ngajak kawin,cara nyampekna ning wongtuane nyong kudu kepriben,enake nyong ndisit dewekan nemuni wongtuane apa bareng wongtuaku...jare akutah ya enake ente dewekan ndisit nemuni wongtuane,ngko angger genah wis disetujuni tembe kon mana maning karo wongtuamu,angger langsung karo wongtuamu mbokan jebul ora disetujuni kan ndadekna isin wongtuamu ndri...lah cara ngomonge kepriben mas nyong kan ora bisa bahasa kromo..,ari ora bisa bahasa kromo ya gari terus terang abe yen kon ora bisa kromo,daripada ngko kon blekak blekuk ngomonge...ya paling ora-orane nggo awalan nyong bahasa kromo ndisit rah mas,mbarah nyong diwarahi,mas hepi kan bisa bahasa kromo,bahasa kromone "nyong ora bisa basa kromo"apa mas?...ngapunten pak kulo mboten saged basa kromo,wis kyeh di eling-eling nggo jurus pertama,ngko yen calon mertuamu ngomong " yawis ora papa" kon tembe nggo basa kasar yakena...iya wis mas tapi ngesuk nyong njaluk di kancani mas hepi karo om heri lah,dewekan tah nyong kayong gemeter...ya ora papa ndri,tapi nyong ditanggung yah rokoke ding ente...beres mas.

dina esuke bar duhur

nyong, heri karo andri boncengan telu maring desa barupring,nemoni calon mertuane andri...

ASSALAMUALAIKUUUUUMMMM...

Walaikumsalam...eeehhh mas andri,monggo,monggo pinarak,kulo sampun nenggo saking wau ( ibune metu terus mlebu maning ngundang bapane ) pak,pak niku mas andri mpun dugi...

Andrine nglinguk ning nyong karo takon,"mas kwe artine apa miki?...anu ndri,kaeh jare wis digorengna iwak menyawak,nggo mangan-mangan ngko ari urusane wis beres...ajiiibbb..iloken mas?..dih ora percaya takon rah maring om heri,bener lih her...bener kwe ndri,kae tolih jare nginume banyu bening didokoni kembang pitung warna ben kaya amad cipling...kikikikikikikikikikikkkkk ( nyong karo heri ngikik )..lah mas hepi karo om heri tah ngerjani.

nyong wong telu njagong ngenteni bapane metu,pacare andri metu ndisiti nggawa wedang karo mesem-mesem...( slereeeekkkkk suara korden dibuka )...eeh mas andri monggo-monggo di unjuk riyin ( bapane ngongkon nginum maring nyong wong telu )...barang wis nginum..bapane mulai mbuka obrolan,"nggih kados niki kondisi teng mriki mas,mboten gadah nopo-nopo...( andri ngEdek sikile nyong karo cangkeme umik-umik),"artine,artine apa ?...( heri sing njawab ) nggih sami pak teng mriku nggih sami kados niki...( waktu bapane ndelengna heri nyong ngrisiki andri )...sing penting ente tah gari njawab" enggih" ndri.

teras niki ajeng wonten keperluan nopo nggih mas andri? ( calon mertuane takon maring andri,andrine raine klicupan kayong bingung )...anu pak,kulo badeeee...( ngomong karo lingak linguk )....bade nopo mas andri?( camere takon maning )...anu pak saderenge kulo nyuwun ngapunten..anu kulo niki bahasa kromone mboten ANGSAL... ( nyong karo heri kawir wis nahan ngikik )...( camere njawab maning )...lah mboten angsal daning sinten mas andri?....lah nggih kulo mboten angsal pak...nggih mas,sing mboten ngangsalaken sinteeenn? ( camere rupane madan kesuh )....kekekkekekekekekekekekekkeekkekekekk nyong karo heri ngakak,belih kuat ndeleng wong loro kudon...mas hepi basa kromone ora bisa pa yah?( andrine akhiretakon maring nyong )...mboten saged rah ndri bisane mboten angsal...wkwkwkkwkwkwkwkwkwkwkk camere akhire melu ngakak...ooohhh ya wis mas andri ari ora bisa kromo ya ngokoan bae...

akhire suasane dadi cair gara-gara andri slengso ngomonge,andrine duterima ding wongtuane pacare terus ora suwe sekitare rong wulane andri kawinan....

( nggo andri arya jaya swara merdeka hidup atau mati,kye cerita dudu nggo ngece ente tapi nggo moyoki ente,wong ente tah keliwat ngeneknane )

( Sumenep - 03 - 06 - 2011 )