Entri Populer

Sabtu, 04 Juni 2011

Cerita Rahatan 11 ( Surat )

Sing arane ning Bumiayu,

jaman gemiyen kye tempat nongkrong andalan yen ora ning terminal ya ning toko SERAYU,kayane gemiyen toko kelontongan sing paling gede ya toko kuwe,nyong karo kanca-kanca angger pan mangkat sekolah ya metongsot ndisit ning kono karo nunggu angkudes,lah ning kono kye sing menentukan arep mangkat apa pan mbolos,seumpamane pan mbolos ya nggawe surat ning kono terus dititipna ning kanca sekelase.

Nyong waktu semono kelas siji SMA,sekolane ning Muhammadiyah,kanca se-gengku ya akehe pada sekolah ning kono,bakar,yono,bagus,bahtiar,patol,Medi,obing,akeh lah pokoke sing ning Muhammadiyah.

Dina Minggu,

sekolah negeri pada libur,muhammadiyah,SMA islam,BU NU,karo annuriyah tah malah mlebu,jaman semono lagi tenar-tenare obyek wisata SIRAH ( mata air kali pemali ),anane ning kecamatan paguyangan,sing patuguran ngidul maning setitik,yen nggo bis mikro mudune ning ngarep pabrik gondorukem,kwe tempat favorit nggo mbolos karo demenan,nyong se-geng wis rencana pan mbolos mono.

Gyeh sida belih maring sirah...( nyong takon karo bocahan ),..ya sida nemen yah hep,iloken nyong kalah ding ente sing kelas siji,ora wani mbolos...( bakar sing njawab,deweke waktu semono wis kelas 3 )...ya wis yuh rah pada gawe surat terus dititipna ning bocah sing pada mlebu,...( nyong digawekna ding bakar,bakar digawekna ding yono,pokoke saling nggawekna surat nggo masing-masing bocah )...nyong digawekna ding ente bae lah hep,sing ari nyusun kata-kata apik ( Medi ngomong ning nyong )...lah gari ding yono koh Med,nyong wis nggawe ndekene yono karo bakar koh...lah ora ding ente bae ngko numpak bisse ente tak bayari ding aku wis....ya wis mene rah kertas karo amplope ( nyong asline kesuh nemen,gawe surat pada karepe ding nyong kabeh,barang wis rampung surate gagiyan di titipna ning kanca sekelase dewek-dewek )...

ning Sirah,nyong karo bocahan adus-adusan karo nginggengi wong pada demenan,adus sa uwen-uwen anjoge balik pada nge teter.

Dina esuke ning sekolahan,

nyong aman,nganti istirahat ora ana panggilan sing Guru BP,istirahat pada ngumpul ning warunge ma'Rom....Daning Medi durung katon kye ( nyong takon ning bocahan )...mbuh kwe hep,maring endi sih yah kae bocah,apa mbolos maning...( yono njawab )....( barnag bocahan lagi cerita ger-geran Medi mlebu warung karo raine abang )....Keliwat ente tah hep,kunyuk nemen lah,karo kanca mblangsakna nemen...( medi raine jengkel nemen ning nyong,kayong pan ngejak gelut )...his his ngko ndisit Med ana apa kye,ente teka-teka pan ngejak gelut Hepi...( bakar ngadang-ngadangi Medi )...kye nyong bar diundang ning kantor BP kar,gara-gara kunyuk hepi,nyong sing mau kye bar mbersihi WC murid,mbok WC ne mambune belih umum nemen...( medi karo mendelik-mendelik ,bocah-bocah ngadangi kabeh )...lah masalahe apa bisane ente diundang BP?( Bakar takon maning karo berusaha nenangna medi )...gara-gara mbolos wingi kar ( medi njawab )...Lah mbokan wis ana surat Med ( bakare takon )...iya bener wis ana surat,tapi kyeh diwaca surate...( Medi mbalangna amplop surat ijine sing wingi )...

surate dijikot ding yono terus diwaca

Assalamualaikum wr.wb

Kepada Yth : Bapak/ ibu Guru dikelas

Dengan datangnya surat ini kami sebagai orang tuanya Muhammad Khumedi,memberitahukan bahwa anak saya sedang sakit komplikasi Panu,Kadas,Kurap,Kutu Air dan Wudunen,sehingga tidak bisa mengikuti pelajaran seperti biasanya,demikian Surat dari kami selaku orangtuanya,harap maklum.

Wasalamualaikum Wr,Wb

NB : empat kali empat enam belas,sempat ngga sempat harap dibalas

Ttd

Suyad

wkwkwkwkkwkwkwkwkwk...bocah ning warung geeeeerrrrrrr kabeh

Modar kon Med,genah ngerti hepi tah penggladisan nemen koh ente percaya maring hepi...( yono ngomongi Medi )

nyong ora trima hep,meneh tempuhan,ente wingi numpak bis dibayari aku koh,gagiyan tempuh...( medi njaluk tempuh ning nyong )

Ya wis med tak tempuhi soto semangkok karo rokok sa-ler...( akhire nyong karo medi jos,akur maning )

( Semoga terhibur sedulur )

( Sumenep - 04 - 06 - 2011 )