Entri Populer

Jumat, 27 Mei 2011

Cerita Rahatan 8 ( Cangkem 2 )



Sedulur...kayong lawas kyeh ora nggawe cerita

kye cerita jaman nyong SD,nyong gemiyen SD ne ning SD islam taalumulhuda,libure jumat,seragame gen beda dewek ireng putih,nyong umahe ning karangturi sekolane ning dukuhturi,kanca liyane minggu pada libur nyong dewek dewek malah mlebu,tanggaku ana siji sing sekolane ya ning SDI,arane Demol ( aran samaran ),tapi bocah kwe tah nggal dinane dolane ning kauman,angger ning sekolahan ya belih ngaku bocah karangturi,ngakune kauman,mangkat bareng ya ora tau,awit kelas siji nganti kelas papat ora akrab sebabe ora tau sekelas,bocahe mblekesunuh nemen.

barang kelas lima,nyong bareng sekelas karo Demol,mbuh kepriben ceritane kweh ujug-ujug nyong sebangku karo Demol,barang nyong akrab karo demol jebul kelas dadi rame,senengane ger-geran,si Demol kwe unik nyong ngerti power metal,Queen,kurt cobain ya gara-gara Demol,dadi kanca-kanca liyane nesih nembange lagu "abang tukang bakso",nyong karo demol tah nembange "love of my life",tapi nyong sing paling seneng lagune jhon lenon Imagine,gemiyen ngati apal syaire,nyong ari nembang ngati mrebes mili padahal tah ora ngerti artine.

Si demol kwe ari ngomong brecuh nemen,bahasa kewan karo bahasa terminal nggo labragan,anjoge nyong ya tiru-tiru,ngomonge asu bangset raimu,asu bangset raimu,kwe kayane kata-kata sing sering metu sing cucuke Demol karo nyong.

ning kelas

Pak karim mlebu...Assalamualaikum,wr.wb

Walaikumsalam Pak guruuuuuu...bocah sakelas njawab kabeh.

nyong ngadeg takon ning pak karim...pak guru mbokan kiye tah pelajaran bahasa arab sing mulang ustad sukri,bisane pak karim sing mlebu kelas?

Ustad Sukrine lagi mriyang,wingi bar kecengklak melu balap karung ning kampunge,dadi pak guru ngganteni mulang ( pak karim njawab,pas kwe memang lagi agustusan ).

ooohhh...ustad sukri sih priben,wis tua reka-reka melu balap karung,mbokya mleu balapan mangan krupuk bae rah ( Jare Demol )...Huuzzt cangkemme sing bener ari ngomong,ngko tak jejeli kapur kon ( pak karim ngepel tangan maring Demol karo matane mendelik )...

Sedurunge pak guru mulang,pak guru pan takon maring kon kabeh,sing sokan njikoti krupuk lilis lagi dipE sapa?...jare laporane bocah kelas lima sing sokan dolanan yun-yunan ning pabrik krupuk Lilis ( waktu semono pabrik Krupuk Lilis perek karo SDI,ning kidule perek karo umahe bi sobul bakul gorengan )...tolih jarene rambute njewawig kaya sapu duk ( pak guru nglanjutna ngomong,nyong nglirik ning Demol,sing rambute njewawig ya mung Demol tok )...hayo sapa ngaku!!! ( pak karim nggentak )...kon yah hep ( pak karim nuding nang nyong )...dih rika tah fitnah nemen,nyong tah rambute klimis rah,minyak rambute gen Brisk koh,kye sebelahku rah nean...( nyong njawab karo nuding Demol,demol mendelik ning aku karo ngomong lirihan )...bangset nemen kon tah nidokna,mbok njikote gen bareng karo kon.

Demollllll!!!...ngaku kon,ya bener jare hepi,kye bocah sekelas sing rambute njewawig ya mung kon tok...ngaku gagiyan ora pan tak apak-apakna ikih.

Iya pak guru nyong sing njikot,tapi ya bareng karo kunyuk-kunyuk kye ( deweke nuding maring aku karo bocah liyane sing se Geng )...Daning kon ari ngomong kasar nemen Mol ( pak gurune mencilak krungu demol ngomong kunyuk,nyong nahan ngguyu kye demol keceplosan ngomong bahasa tarsan )...pak gurune takon maning,lha kon nyolongi krupuk pan nggo apa Mol?

Pan tak goreng pak guru ( demol njawab )

Terus pan nggo sapa Mol?

Pan nggo RAIMU ( wkwkwkwkwkwkkwkwkwkwkk nyong karo kancaku ngakak kabeh,demol keceplosan maning luwih parah )...

Daning kon kurang ajar nemen Mol...tak rompese cocotmu kyeh ( pak karim ngrompes cangkemme Demol karo dikorog ngambang )

Pangapura pak Guru nyong ora pan ngomong RAIMU tapi pan nganggo PAKGURU,bisane metune RAIMU...Wiiisss kon ora usah kakehen alesan,kon kye canggkemme kudune di dslumbat kaya klapa....( akhire demol dires ngadeg ning ngarep kelas karo ngemut cengis )...he he he puas kon Mol,mulane duwe cangkem kwe dibiasakna nggo ngomong sing bener.

Bersambung....

( Sumenep - 27 - 05 - 2011 )